UMPAMA ORA KUAT DADI PENDHITA, APA PERLU DISELEHAKE?
Miturut panjenengan, dados pendhita punika enak napa mboten? Abot napa entheng? Kangge ingkang nyawang; wah yo jelas kepenak banget. Apa kalenggahan dadi pendhita iku ora kalenggahan sing mulya? Kejaba mulya, kalenggahan iku ya kebak pakurmat. Cukup gelem dadi Pendhita, kabeh kebutuhane wis ana sing nanggung. Ya BHP, motor, kepara mobil, pastori, lan liya liyane. Ra perlu mikir banyu, mbayar listrik, mbayar telpon, mbayar langganan koran. Durung yen nyawang fasilitas tunjangan liyane, ana tunjangan pulsa, tunjangan beras, tunjang kemahalan, tunjangan natal, tunjangan cuti, tunjangan pakaian, tunjangan bensin, lan liya-liyane. Durung yen leladi mirunggan, ora kurang warga pasamuwan sing salaman karo pak pendhita nempeli amplop karo ngendika: niki damel tumbas bensin pak. Bungah susah ketoke penak. Lara ya nggari mangkat, wis ditanggung pengobatane karo grejo. Kepara besok yen tekan pensiun, wis ana aturane, greja sing nimbali kudu ndamelake dalem emeritus kanggo pak Pendhita.
Lha coba ta, apa jan ora kepinuk? Umpamane ana
undangan mirunggan rawuhan penggede utawa Bupati, sing melu kecangking-cangking,
rak ya Pak Pendhita. Apa maneh ing papan kalenggahan undangan, biasane para
Pendhita, alim ulama, para kiai lan tokoh agama, lan tokoh masyarakat liyane,
yo mesthi dipinarakake ana ngarep to? Ya, ora mungkin? Mosok para Pendhita
dilenggahke ana kursi pinggiran utawa paling mburi. Lha banjur kepriye aloke
para tamu undhangan. Bisa kualat no! Apa maneh yen bagian acara seneng,
umpamane wayah dhahar; biasane sing didhawuhi/disuwun paring pangandika
pandonga, ya Bapak Pendhita. Nanging iki pandelenge sing enak-enak.
Beda maneh
sing ndeleng jejer pendhita saka sisih liya. Pendhita iku kalenggahan, malah
kepara pegawean sing paling ora enak. Resikone ora mung digrudeli, nanging
akeh-akehe mbutuhake korban. Kamangka korban sing paling akeh yaiku, korban
perasaan. Ra kok ora? Pendhita ki pama arang-arang patuwen, mesthi digrundeli
wargane: Pendhita kok ndhuwel wae nong omah, sing ditindakna sedina-dina iki
apa to. Pama gaweane petuwen, warga ya alok, petuwen kok pendhak dina. Mesthi
aku terus, aku terus. Mbok kae sing ora tau nong grejo blas. Jo meneh pendhita
ki lara-laranen tur gering sisan. Wah, rak aloke warga bakal seru: Pendhita kok
thik-thik mlebu rumah sakit, thik-thik lara, ngentek-entekke ragat wae. Duwit
maneh, duwit meneh. Mula saiso-iso Pendhita mbudidaya piye awake katon lemu ing
ngarepe wargane, ben diarani makmur, seneng uripe, tur sarwa kecukupan. Kamangka
lemu-lemu ki yo ngundhang penyakit. Wis pokoke serba salah. Kuru salah. Lemu
salah. Sregep salah, ora sregep apa maneh.
Durung maneh menawa digandheng cenengake karo
keluargane Pendhita.-Mirunggane bojone, utawa anak-anake. Anak bojone kudu melu
tandang gawe kegiatan greja. Aja nganti ora andhil lan ora ketok. Kadangkala
bojone uga dadi caturan. Melu PA (Pemahaman Alkitab) anggon-anggone rada
mrompyong, dialok: Bojon Pendhita kok ora iso mapanake awake. Nganggo sayak kok
aneh-aneh. Kaya arep konser wae. Mbok sakmadya. Mesakna wargane sing ora nduwe
ngono lho. Ning saumpama bojon pendhita manganggo sederhana, ya dicatur: Bojon
pendhita kok nglemprot. Ngisin-isinake grejane. Lha leh dibayar seprana-seprene
ki gawe apa ta. Wis serba salah ta. Ya, pancen penulis yakin, bab iki ora kena digebyah uyah. Iki apa dialami Pendhita ing desa wae, apa ing kutha. Nanging ketoke ya padha wae. Ndesa lan kutha, tantangane meh padha. Pancen dadi Pendhita ki ya ngrasakake tantangan
sing kaya mengkene iki. Awit penulis yakin, Pendhita ki kaya selebritis, dadi
pusat perhatian; lan mestine dadi pusat berita, alias pusat caturan. Tentune
ora ing ngarepe pendhitane.
Yen ngono
supaya kita sing dadi warga pasamuwan, utawa sing wis diparingi kalenggahan
pendhita, utawa sapa wae sing dadi paragane pasamuwan, supaya bisa nglenggahake
mirurut jejere dhewe-dhewe, prayogine kudu kepriye?
Sepisan,
pitakon sing paling penting kanggo ngudhari salin surup bab iki yaiku: Sapa ta
sejatine pendhita iku ing GKJ. Nek wis kepanggih sejatine sapa lan kepriye, dak
kira kudune ora tuwuh panganggep-panganggep kang kaya ing ngarep mau.
Ing GKJ
Pendhita ki ora nglamar, nanging dilamar. Iki sakudune. Muga-muga durung ana
ing GKJ calon Pendhita sing nganti nglamar ana greja. Kena
apa mengkono. Awit tuwuhing kalenggahan Pendhita iku lajere utawa tuwuhe saka pasamuwan, ora saka wonge. Sing mendhitakake iku
pasamuwan. Ora saka karepe dhewe. Sanajan wis duwe cita-cita dadi Pendhita to,
wis lulus sekolah teologi pisan, nanging yen ora ana pasamuwan sing nganggokake,
alias ora ana sing nimbali, ya kepingina kaya ngapa dadi Pendhita, iku ora iso
kadumugen otomatis. Ngono ya ora iso njur meksa wong liya, pokoke aku madeg
dewe dadi pendhita, aku celuken pendhita, sing ngangkat Gusti Yesus, seksine Gusti
Yesus. Wah nek ngene iki GKJ isa rusak. Marai bubrah. Yo ra isa. Lha sapa sing dibagehi nganggep mungguh yen dheweke/wong
iku pantes nglenggahi kalenggahan Pendhita. Mosok yo awake dhewe ngangkat awake
dhewe. Nek lumrahe manungsa ki ya nganggep awake dhewe paling apik. Ora iso
ndeleng kekurangane. Mosok iso ndeleng githoke dhewe.
Ya pancen nek
para Kiai sak ngertiku iku tuwuh karana madeg dadi Kiai. Ning biasane anane madeg, merga wis nduwe turunan kiai; umpane saka embahe, bapakne, utawa eyang buyute, lsp.
Sanajan mengkono, ya ditetep dirembug ing mesjide utawa umate. Yen Bapak Samsuri umpamane, ditetepake dadi kiai ing Mesjid At
Taqwa Kebon Agung, iku
karana jamaahe pada sarujuk ngangkat Pak Samsuri dadi Kiai Mesjid. Lha umpamane karana karismane banjur bisa adeg
pondok pesantren sing gedhe, iku kelajengane anggone mujudake dalaning urip
dadi Kiai. Awit sejatine pesantren iku kang minangka papan kanggo memulang
santri-santrine. Ing kene iki pamore kiai kauji. Yen karismane gedhe, umpane
apal Quran, apal Kitab Kuning, nduwe kasekten nambani wong lara, wis kawentar
meguru ing Pondhok kang gedhe lan kawentar, umpamane Tebu Ireng, Jombang,
Kadilangu, Demak, lan liya-liyane, kiai iki otomatis dadi kawentar ing saindenging jagading para santri. Dadi kiai iku sing paling
baku ora pengakuan formal, nanging justru pengakuan sosial lan karisma
religious/spiritual sauwise. Mula yen ana kiai sing kejeglong, umpamane
kabongkar korupsi ngapusi jamaahe, kena kasus pelecehan seksual tumrap muride, kanggone
kiai, ora ana penanggalan jabatan kiai. Utawa njur mundur dadi Kiai. Awit Kiai minangka pengakuan charisma sosial lan spiritual/religius.
Mula yen karisma sosiale utawa kharisma spiritual/religiuse ilang, ya
otomatis, pamore saya mlorot karepe dhewe. Kuwi wis alamiah. Sunare saya mbleret. Namane banjur saya dilalekake. Santrine banjur
pada lunga, pesantrene isa sepi utawa malah bubar pisan. Dadi sangsine ora
ana pencopotan jabatan kiai, mundur
dadi kiai, nanging sangsi sosial
spiritual/religious. Iki malah sangsi sing paling abot kanggone Kiai.
Nanging yen
Pendhita GKJ, iku sawijining lelaku kang ngganggo prasarat formal, kudu lulusan
teologi sing diakui GKJ, banjur mlebu proses pemanggilan, perkenalan/orientasi,
pemilihan, pembimbingan, vikariat, lan peremtoir lagi penahbisan. Dadi nalika
ditahbiske, Si Suta utawa Si Naya banjur katemplekan jejer/kalenggahan
Pendhita. Tekan kapan? Ya nganti sakuwate.
Kena apa kok sakuwate? Ya karana rong perkara.
Siji, sing nemtokake Pendhita iki isa tutug
nglenggahi nganti tekan mati ki ya Gusti
ta. Awit sapa sing isa
nemtokake umur? Sapa ngerti, bar nglenggahi dadi pendhita, Gusti njur
ngersakake nimbali mulih, apa ya arep mberot, emoh, emoh, ngono? Kaping
pindho, kenapa sakuwate, awit kudune nalika nampa babebahan kalenggahan
Pendhita njur janji ing satengahing pasamuwan, NGGIH KANTHI GUMOLONGING MANAH,
iku diucapake kanthi sadhar. Medeni meneh yen ngucapake janji ngono kuwi karana
tinimbang lulus teologi nanging ora entuk-entuk gawean. Timbang ra payu-payu
megawe, apa maneh wis digondheli anak bojo. Wah yen ana sing dadi pendhita
karana mengkene iki, mbebayani banget. Awit kalenggahan iki nemplek salawase
urip. Yen ing istilah ing greja Ortodoks utawa katolik, pokoke angger ijik
kuwat ngangkat tuwuging bujana, tetep ijik arep ngladosi Gusti dadi Pendhita/Rama/Pastur. Tur kalenggahan Pendhita iku nganti digawa mati. Lha kajeba
ngene iki.
Sawise dirasak-rasakake, ketoke sawise taunan
dadi pendhita kok saya rekasa tur abot banget, beda karo sing dibayangake, apa
maneh pasamuwan sing dibayangake beda karo kasunyatane, apa meneh kahanane karo pasamuwane
tansah ora rukun, entek-enteke njur duwe pepenginan nyelehake kalenggahane minangka pendhita. Utawa
njur gawe ada-ada. Umpane njaluk studi lanjut, alesane kanggo pengembangan
dhiri, kanggo pengembangan kepemimpinan. Malah tau kedadeyan, mangkat studi lanjut angkahe kanggo mundhakake
etungan BHP, iki sing ora pener. Utawa kagodha madik-madik greja liya sing
dianggep apik kangge rencana pindhah, awit ing kono fasilitase katon lengkap, ana mobil
dinas, pastorine apik, tengah kutha, gajine gedhe, lan liya-liyane sing
mencutake. Utawa ana ada-ada liyane, sing ndadekake dredah karo pasamuwane.
Tundhane Pendhita kurang bisa njaga utawa ngrawat bab kang paling wigati, yaiku
motivasi spiritual pelayanan. Satemah minangka pendhita dadi garing lan asat karohanene. Kamangka pendhita ki minangka pemimpin
spiritual umat, bab iki
aja nganti mbleret. Ya ana kene iki pamore pendhita dibutuhake
umate. Yen wis ngene iki kedadeyan apa
wae kang ora apik bisa wae kelakon, umpamane pendhita kaseret dosa laku bedang,
dosa karana dhuwit,
kagubel utang, padudon, tukaran, nglamar dadi PNS, nglamar ana perusahaan gedhe, lan
liya-liyane. Ora wurung banjur nuwuhake gejolak ing pasamuwane. Yen umpama ora isa
diudhari, pasamuwan isa nganti nyopot jabatane pendhita, utawa
dikon mundur saka jabatane pendhita.
Jane ngene iki ora kudu dumadi. Awit pendhita lan
greja ki kaya wong bebojoan. Kudu tresna tinresnan. Bungah susah pada ditampa, lan
dilakoni bareng. Loro lorone kudu iso
ngemong ingemong. Pama sijine nglokro, ya ndang ditututi. Aja dijarke wae. Pama
wong lara aja nganti ditunggu nganti parah, utawa nganti kejet-kejet.
Akeh kasus penanggalan Pendhita, ketoke dumadi awit
karana mara-mara dirembug, pama
penyakit, wis kronis. Lha yen ngene
iki, arep dikapakake. Rak mesthi angel banget ta. Ja meneh antarane grejo karo pendhita pindha bojo wis dha ngomong ora cocok maneh, yo dha pegatan wae. WAH, NGENE IKI, MESTHI BUBRAH.
Ketoke gegambaran/metafora iki sing paling pas kanggo nggambaraken sapa pendita
lan sapa pasamuwane sing nimbali. Mula nalika pasamuwan naksir karo calon
pendhita, kekarone rak pdaha mlebu ing mangsa pepacangan ta. Lha ing kene iki
mangsa kanggo pada sinau lan nampa. Karo-karone ora kena ana sing diumpetake.
Kabeh kudu pada jujure. Nek wis pada jujure, lha mangga sami-sami diputusake.
Dhik, utawa Mas, gelem rak njenengan dadi bojoku? Yan gene iki kahanane: Ayo
bungah susah dilakoni bareng. Pama pengin mulya, ayo diupadi bareng. Yen, saiki
kok rekasa, ya aja padha ngrundel, padha nrimane. Lha mbiyen rak wis pada sarujuk dadi bojone to. Mula ya aja
saling nutuh, utawa saling nuntut, apa maneh melehake. Iku ra prayogi. Nek wis
ngene iki, bakal ora ana, pendhita karo pasamuwan padha weleh-welehan. Lha
mbiyen piye? Rak ya dilamar-lamar dewe, olehe ngesir ya disir-sir dhewe, banjur
diputus-putusake dhewe, njur dha mantenan/pentahbisan, rak uwis, kudune ora dha
dredah banjur crah.
Mula nalika wis gelem dijejerke pendhita, ya sumangga urip bareng ajur
ajer karo sisihane, ngudi gesang kang langkung mulya. Gagambaran kang mengkene
iki bakal nuwuhake ikatan emosional antarane pendhita karo pasamuwane, ikatan
emosional sing raket, rapet, lan langgeng.
Pancen ya ana, Pendhita ing GKJ sing mutusake,
kowe gelem rak dak timbale dadi pendhita. Ning bab panguripane goleka dewe.
Model ngene iki ya ra cocok. Jenenge dudu kaya wong bebojoan. Kudune nek wis
sarujuk bebojoan, sing ngajak mbojo yo ngrumati kanthi murwat, wong bojone.
Dene sing nyandang kalenggahan bojo, gampange Pendhita, ya nindakna timbalan
iku kanthi kebak tanggung jawab. Mula model mendhita sing kaya ngene iki,
mesthi kelangan ikatan emosional karo grejane/bojone. Tundhane mesthi sakarepe
dhewe. Aja dumeh greja wis mbayar Pendhita njur dianggep wis dituku mula njur
digawe kaya karyawan greja. Memang greja iki duweke sapa. Duweke majelis, dudu.
Gadhahanipun Gusti Yesus. Kita kabeh ki mung lelados dhateng PanjenenganIpun.
Dadi balik pendhita sing madeg ing pasamuwan,
nanging pasamuwan ora nguripi, dak bayangake kaya wong bebojoan, pada nyambut
gawe dhewe dhewe, duwiite/kayane digarap dewe-dewe, pada masak ing pawon
dewe-dewe, banjur alok: aku mangan enak, aja ndeleng, aja meri. Lha kuwi durung
duwe anak, nek wis duwe anak, anake njur kepiye. Mula ora mathuk cara
ngono kuwi. Ora mathuk. Jelas pendhita kelangan ikatan emosional karo
pasamuwane. Kamangka ikatan emosional iki perlu sajrone bebojoan. Ya iki sing
ndadekake kita tutug bobojoan karana nglelingi janji bebojoan, ja meneh wis digendholi anak-anak. Iki sing paling ora isa ditinggal. Ra mentala
ninggal anak-anak, yen nganti ngomong pegat.
Sabanjure, Pendhita pancen timbalan sing abot.
Jaman para nabi, akeh nabi sing padha suwala, ora gelem ditimbali dadi nabi, amarga
tantangane gede. Tur ora ana nabi sing uripe ora rekasa, akeh-akehe disiyo-siyo uripe. Nalika
ditimbali Gusti Allah kon mimpin bangsa Israel metu saka Mesir, Musa wegah. Alesane pirang-pirang: jare sing
ora pinter ngomong lah, jare ijik kenomen lah, jare Harun wae lah. Pokoke
kakehan alesan. Iku ora mokal. Karana Musa gempung mbayangake mentale wong
Israel sing ora kena ditata, angel kandhanane, gawene ngundamana, nggrundel, ora
nrimanan, mula Musa jan-jane ora gelem. Nyatane
ing pasamunan Musa tansah dredah karo umate Gusti. Nabi liyane kita deleng, Elia,
Elisa, Yeremia, lan nabi liya-liyane. Kabeh nabi iki nabi kang rekasa, mlarat
lan dikuya-kuya. Elia nganti depresi, kaliren, banjur ngungsi ana kali ing Kerit
(1 Para Raja 17:9). Malah Yeremia nganti digebuki, dipasung sikile, kinunjara, angloh
karana jabatane (Yeremia 12), nabi Yeremia badhe pun pejahi karana meca Pedaleman
Suci badhe jugrug, nabi Uria dipateni (Yeremia 26). Yesaya semono uga. Trito
Yesaya uripe sangsara banget. Kasangsarane iku katulis ing Yesaya 5:13-53:12.
Yekezkiel diutus ana satengahe umat sing uwis depresi
karana kuthane Yerusalem lan Pedalemane Suci wis dijarah
lan diobong wong Babel. Umate wis padha ilang pangarep-arepe. Pancen ing
antarane nabi-nabi, Yesaya dhewe sing
paling makmur utawa kepenak. Awit ditimbali dadi nabi, ditimbali dadi nabi
krajan. Uripe tansah ana ing kraton, celak karo para pejabat lan raja. Dibayar lan diuripi dene kraton. Ngene iki
gegambarane para nabi ing jaman Alkitab, sing racake dadi nabi iku abot. Awit
abot banget, mulane yen saiki akeh kang ora gelem dadi pendhita, iku ya lumrah. Dadi pendhita iku timbalan kang abot. Mula ora
saben wong milih lan gelem. Malah anak-anake Pendhita ta, pama ditakoni: Le,
utawa Ndhuk, suk nek gedhe, yen Bapak/Ibu kuat nguliahake, mlebu sekolah
Pendhita ya Le, utawa ya Ndhuk. Jawabane kepriye: ra ki Pak, utawa Bu. Dadi
Pendhita ki abot thik. Utawa Pak Pendhita dhewe ngomong karo anak-anake: Le,
utawa Ndhuk, suk nek kuliah ra sah ana Teologi ya. Dadi Pendhita ki abot tur
rekasa. Wis ben Bapak-Ibu wae sing nglakoni.
Kapindho,
kapriye nglakoni timbalan dadi Pendhita. Dadi pendhita iku sing digoleki kudune
apa ta. Kudune dudu donya maneh. Utawa nalika gelem dadi Pendhita, pitakone
sing penting, arep ngapa ta. Golek gawean. Golek dhuwit. Utawa nglumpukke
bandha. Awit nalika nampa babahan kalenggahan jejer pendhita, dheweke kudu
sadhar, kudu nyingkur donya, nyingkur awake dhewe. Ya dadi nabi iku mau. Ya
tumrap umate, ya masyarakate, ya bangsane. Dadi Pendhita iku sakudune wis final
anggone duwe panganggep bab donya. Yen isih melikan, isih merinan, isih panasan
bab donya, lan kabutuhane urip liyane, iku dudu pendhita. Sing utama kudu
mbabarake timbalan kanthi setya lan tutug mau.
Ya pancen, GKJ ki ora ngatur pendhita ki kudu
nikah. Nanging kasunyatane akeh pendhita sing milih nikah, njur kejeglong bab nyingkur
donya mau. Mula ya nalika mutusake nikah, ya bojon pendhita diajak menggalih
jero lan serius, yen pendhita iku dudu karir kanggo golek dhuwit lan donya.
Mula ya kudu siap urip samadya. Yen ora disiapake mengko bojon pendhita gampang
dadi cuwa. stress, depresi, isa dadi dadakan crah ing pasamuwan. Ya kudune
pendhita ra sah diwulang bab sumelang ya, awit isa maca
dewe ayate. Nanging penulis nduwe keyakinan, tugasku leladi sakulawargaku
kanthi sengkut. Sak kuat-kuate, sak tutug tutuge. Iki bageanku. Bagiane Gusti, wis ben sing mikirke ya Gusti piyambak. Mboh bab sekolahe anak-anak, piye sok
nek tuwe, lan liya-liyane. Ayate
ya wis muni akeh to. Umpamene Matius . Kita kon
sinau aja kuatir. Kon deleng manuk. Kon ndeleng kembang bakung. Kurang apa
Gusti Allah. Manuk sing ora nandur wae, di rumati. Kembang bakung sing ora nenun wae dipahesi
endahe ngungkuli agemane Prabu Salomo. Apa ora hebat uripe Pendhita ki. Mula
aku bakal dirumati Gusti piyambak. Ngono kuwi kudu diyakini lan diamini. Ketoke aku kok wis final ora perlu mikir donya
maneh. Bojo wis nduwe. Anak ya wis diparingi. Omah, halah, apa ora mung sementara to. Apa bakale ora ditinggalke. Mati
yo ora digawa. Mobil ya wis tau numpak. Paling duwe mobil yo rasane koyo
mengkono. Sing penting pokoke: Nyingkur donya. Nyingkur donya. Urip kagem
Gusti. Ngono kuwi
ketoke sakudune pikirane pendhita.
Kaping telu,
kepriye andil kita minangka warga pasamuwan. Ing kene iki sing kudu dirembug, bab tanggel jawab imamat am tiyang pitados.
Saben pasamuwan kuwi duwe
hak privasi, kanggo nanggapi timbalane Gusti apa ora. Tanggapan kuwi ora gumantung wong liya, apa bapakne, utawa embokne, utawa maneh
wong sing luwih kuwasa. Umpane arep babtis, utawa sidhi, sejatine ya wong iku kang kudu mutusake dhewe wewengan kanggo nampi timbalane
Gusti apa ora. Yen bocah bayi pancen wong tuwane, wong durung ngerti apa-apa, Awit
ing ngarsane Gusti sedaya warga pasamuwan ki setara, nganggo prinsip
egalitarian. Ing GKJ ora ana majelis ki luwih dhuwur kalenggahane kabandhing
pasamuwan. Majelis ki satunggaling warga pasamuwan kang diparingi kalenggahan
mirunggan. Pinisepuh, njaga
murnining piwulang. Diaken, ngerigake warganing pasamuwan leladi ing pasamuwan lan masyarakat. Dene tugas mirunggane pendhita, ngladosake sakramen lan memulang. Tetigane
mujudake kalenggahanipun sang Kristus, Pinisepuh minangka Raja, Diaken minangka
imam, lan Pendhita minangka nabi. Dene kabeh wargane pasamuwan uga duwe kalenggahan imamat am, yaiku minangaka
raja, imam, lan nabi.
Ing kamajelisan, Pendhita kalenggahane yo ora
luwih dhuwur, apa maneh luwih endhek saka Pinituwa lan Diaken. Dumeh greja wis wani
mbayar larang, Pendhita njur dianggep karyawane greja, digawe sawiyah-wiyah.
Iki ya salah kaprah. Apa maneh dumeh pendhita wis magrok oleh panggonanan sing
kepenak, njur kelangan prinsip kenabiane kangge mababarake piwulang lan kabeneran ana ing satengahe pasamuwan. Iki yo ora bener. Ing majelis pancen kalenggahane
pendhita iku kamirunggane karana wis ngrungkepi timbalane Gusti lumantar
pasamuwan kanthi sawetahing wektu lan urip. Ing kemajelisan prinsip persamaan/egalitarian
iku banjur mawujud yen kalenggahan pinunjul ing majelis iku ora ana ing pawongane, nanging ing parepatan majelis. Lan parapatan majelis
katindakake kanthi prinsip teologis ora prinsip demokratis. Dadi sing digagapi
karsane Gusti iku kanthi adhedhasar Pangandikane Gusti, PPA GKJ, lan Tager Talak. Ora sing penting mathuk. Sing penting gathuk. Lha
mathuka utawa gathuka, yen lelawanan karo karsane Gusti ya kudu dibatalake.
Pancen yen ing Katolik dibedakake. Ana golongane
imam, kang tinahbis, lan ana golongane awam. Imam nduweni tugas dhewe kang ora
iso dilakoni dene awam. Lan awam uga ditata nduwe tugas lan jejibahan dhewe kang
wis tinata. Nanging ana GKJ kabeh setara. Iki akar prinsip presbiterial. Sing
jenenge prisip iki, wis mesthi sakudune otomatis ora mentingake awake dhewe.
Nanging ya njaga “kebersamaan” minangaka ikatan masamuwan, ing Klasis, lan Sinode. Mula urusan suwarga kiibarate ya tanggung jawab
awake dhewe-dhewe. Ora ana suwarga nunut neraka katut. Ra iso prinsip iki.
Nraka ya karep-karepmu dhewe,
swarga ya pilih-pilihanmu dhewe. Nek
ra gelem dikandhani, ya mlebua mrana. Wong tuwa lan wong liya tugase ngenerke, ngelikake,
lan nggulawenthah ing sajroning iman pitados dhateng Gusti Yesus Kristus.
Dadi balik
pitakon ing dhuwur, piye kudu njawab? Sing uwis iso nemokake punjere
patimbalan, pitakon kuwi ora kudu dijawab, malah ora kudu ditakokake, apa maneh
nganti nduwe rencana mundur saka Pendhita. Nanging dilakoni kanthi setyo tuhu
nganti tutug. Rumangsamu rekasane dadi pendhita wis timbang karo pangorbanane
Sang Kristus marang kowe pa? Sithik-sithika durung, sanajan sakuku ireng. Mula
momotan kang dialami minangka tiyang pitados mangga kita uji mawon dadi tandha
bukti sokur kita dhateng pangorbanane Gusti. Sing duwe panganggep dadi pendhita
iku abot njur ora kuwat, njur nduwe pikiran mundur, wis ra sah dak baleni.
Kasusun ing padhepokan Kaliceret
Jumuwah Kliwon, 31 Maret 2017
Pendhita Timotius Purwanto, S.Si.Theol.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar