Waosan: Kaimaman 25:1, 8-17; Jabur
67:2-8; Matéus 14:1-12
Ngaturaken
Panuwun Dhumateng Gusti
Gusti
Allah mberkahi kita, salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane. (Jabur
67:8)
Wonten lare
naminipun Setyo
Edi Nugroho. Laré punika nembé umur 9 tahun, ingkang samangke
nembe sinau
wonten ing bangku Sekolah Dasar kelas 3. Wiwit wulan September 2006, laré
punika gesang kaliyan ibunipun awit ramanipun kapundhut Gusti lumantar
kacilakan. Samangke gesang sinandhing ibunipun ingkang sarwo winates ing babagan
kawruh, pengalaman dalah perekonomian.
Jumbuh kaliyan naminipun “Setyo”,
laré punika
tansah mbangun turut kaliyan ibunipun. Saben dinten minggu dipun ajak ibunipun
dhateng Gereja. Malah saben dinten dipun tuntun sembahyang, dadosa nalika
badahe tilem, badhe sinau lan badhe nedha.
Dangu-dangu kapitadosanipun dhateng Gusti Yesus sansaya ketingal. Kados laré sanesipun, Setyo Edi Nugroho kepengin gadhah sepeda angin,
namung ibunipun mboten saget numbasaken. Pepenginan punika kandheg ing
kawontenan ingkang cupet ing perkawis ekonomi, awit Ibunipun mboten gadhah
pedamelan ingkang ajeg.
Nalika badhe mapan tilem, kados padatanipun Setyo Edi Nugroho sembahyang
langkung rumiyen. Sepeda angin ingkang dados pepenginanipun, ugi kaaturaken
dhateng Gusti lumantar pandonga. Lumantar pandonganipun ingkang kinanthenan
pitados dhateng Gusti, pranyata Gusti ugi maringi punapa ingkang dipun aturaken
dening Setyo. Eyang ingkang nresnani dhateng Setyo dados lantaranipun Gusti
temahan binuka manahanipun. Eyangipun saget numbaseken sepeda dhateng
Setyo. Ing
satengahing kabingahanipun, lajeng Setyo ngaturaken Panuwun awit Gusti sampun
myarsakaken
pepenginanipun.
Conto
dedongengan ing nginggil ketingalipun carios ingkang biasa. Nanging sejatosipun
luar biasa. Awit sanajan sepele,nanging lare naminipun Setyo Edi Nugroho
kalawau nitik lan niteni kesaenanipun Gusti ingkang ageng kanthi atur sokur
panuwun awit Gusti sampun myarsakaken pasambatipun.
Waosan dinten punika ngengetaken dhateng
kita lumantar pemazmur bilih
Gusti Allah mberkahi saben umat ing sadhengah kawontenan. Punapa malih dhateng
saben tiyang ingkang ngabekti dhateng Gusti Allah. Ing Mazmur
kalawau kacethakkaken supados para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka,
amargi Allah ngereh para bangsa kanthi adil, lan para suku bangsa ing
salumahing bumi sami dipun tuntun Allah.
Pramila para
bangsa sami kaajak memuji dhumateng Gusti. Napa malih bumi sampun
maringaken
pametunipun lan Gusti Allah
sampun mberkahi
kita.
Awit saking
punika prayogi
sedaya titah sami ngaturaken panuwun dhateng Gusti awit kamirahanipun.
Bahan Pirembagan:
1. Kados
pundi panjenengan mujudaken sokur tumrap tanem tuwuh ing bumi ingkang paring
gesang dhateng panjenengan?
2. Punapa
anak-anak panjenengan nggadhahi nami kanthi ujub pandonganipun tiyang sepuh?
Kenging punapa mekaten?
3. Punapa
panjenengan pitados bilih
Gusti Allah mberkahi panjenengan minangka umat kagunganipun Gusti ing sadhengah kawontenan?
Waosan: Pangentasan 16:2-4,9-15 ;
Jabur 78 :23-29 ; Efesus 4:1-16 ; Yokanan 6 :24-35
Ngedumel
Ana
ing pasamunan kono iku, sagolongane wong Israèl banjur padha ngedumeli marang
nabi Musa lan Rama Harun. (Pangentasan 16:2-4)
Salah satunggaling lelampahan ingkang
nate karaosaken dening manungsa inggih punika ngedumel. Saben
tiyang nade ngedumel lan gampil ngedumel.Mawarni warni ingkang dados underanipun. Langkung-langkung
nalika ngadhepi kawontenan ingkang mboten cocog kaliyan pikajengipun. Wonten ingkang ngedumel awit
nalika badhe dahar lajeng nemahi menu daharan ingkang mboten cocok, wonten ugi
ingkang nalika badhe tindakan kendaraanipun ndilalah risak utawi
nggembos bane,
wonten malih ingkang nggadadi gegayuhan ananging mboten saget kasembadan. Wusananipun
ngedumel lan uring-uringan.
Waosan kita dinten punika nyariosaken
lelampahanipun bangsa Israèl ingkang ngedumel dhateng nabi Musa lan Romo Harun.
Ing waosan saderengipun kita saged niteni bilih tiyang Israel punika manahipun
wangkal, dagel, angel dipun atur, sapikajengipun piyambak. Cobi to. Napa kirang
langkung mulya? Bangsa Israel punika dipunangkat dados bangsa pilihan. Dipun
tresnani. Dipun luwari saking penindhesan ing Mesir. Dipun tuntun mlebet ing
tanah prajanjian. Naling nalikanipun kairit dhateng tanah kanaan,
tiyang tiyang
Israèl ingkang ngarosaken luwe lan ngelak ing satengahing pasamunan sami rumaos
katilar dhening Musa lan Harun. Raos pangraaos punika ingkang ndadosaken lajeng
sami nglokro, tepatipun mutung, lan kepengin sami pejah kemawon. Sami
mbandingaken, sanajan ing Mesir kajajah, naning ing papan punika kathah susu
lan madu. Mboten natae kaliren kados punika. Mila lajeng sami ngedumel.
Sinau saking
waosan kita, manungsa
gesang ing jagad punika kadangkala ngraosaken semplah lan mboten ngadahi
pangajeng-ajeng menawi menapa ingkang dados pepenginan utawi kabetahan mboten
enggal kacekapan. Tumindak ingkang gampil dumados inggih punika mutung
utawi mogok. Menawi sampun mogok lajeng samukawis perkawisipun dados nisahaken
tiyang sanes. Lajeng ing
satengahing kaprihatosan utawi panandhang kados-kados rumaos katilar dhening
Gusti.
Juru Masmur ing perangan
sanes ngengetaken
dhateng sedaya
umat kagunganipun Gusti badhe dipuncekapi menapa ingkang dipun betahaken. Panjenengane maringi apa kang padha
dikarepake. (Jabur 78:29). Saben lelampahan prayogi dipun raosaken minangka
wujud pangrimatipun Gusti, temahan mboten ngedumel dhateng Gusti Allah.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan kalebet tiyang ingkang gampil ngedumel? Punapa ingkang biasananipun
gampil dados pawadannipun?
2. Punapa
ing jaman samangke taksih wonten tiyang ingkang kados umatipun Gusti Israel
ingkang manahipun wangkal, dagel, angel dipun atur, sapikajengipun piyambak, asring
ngedumel?
3. Kados
pundi caranipun supados satengahing
kaprihatosan utawi panandhang kita mboten
rumaos katilar dhening Gusti?
4. Punapa
resepipun supados gesang panjenengan mboten gampil ngedumel?
Waosan: Wilangan 11 ;12-17 ; Jabur 81
:12 -17 ; Matéus 14:13-21
Kaluberan Berkah
Kabeh
banjur padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono cuilan-cuilan turahane
diklumpukake dadi rolas wakul kebak. (Matéus 14:20)
Néng
gunung wah néng aré Gusti Allah ana
nyanga ngendi paranku mesthi ana uga
endi kang dadi cipta lan osiking ati
kabèh mesti kapirsan ing Allah hyang Widi
Kidung kasukman ingkang sinerat ing
Kidung Pasamuwan Kristen lami no.115 punika ngemutaken bilih berkah Dalem Gusti tansah
lumintu ing sadengah papan lan ing sadengah kawontenan. Mangga
kita kidungaken sesarengan kaping kalih sinambi dipun raos-raosaken. (Pasamuwan
sami kaajak ngidung kanthi kebak raos pangraos).
Saking kidung
punika kita sami mangertos bilih Néng gunung wah néng aré Gusti Allah ana, nyanga ngendi paranku mesthi
ana uga. Dados wonten pundia kemawon Gusti Allah tansah
ngedhaton kanthi kuwaos. Malah ing pundi kemawon kawontenaning manungsa mesthi
tansah kawuningani, kalebet sanajan ta mobah mosiking ati.
Mekaten ugi
lumantar waosan
injil ing dinten punika nyariosaken dhateng kita kados pundi nalika tiyang
tiyang ingkang nembé kemawon mirengaken piwucalipun Gusti lajeng kaluwen.
Para sekabat sami nggadahi raos was
sumelang awit papan punika tebih saking warung ingkang sade tetedhan. Menapa malih
menawi dipun gatosaken piyantun cacah gangsal ewu, sedaya sami kaluwen lan
mbetahaken kawigatosan.
Nalika semanten namung cumawis roti
cacah gangsal lan ulam cacah kalih. Kamangka rati kaliyan ulam
kalawau cawisanipun lare alit. Roti lan ulam punika lajeng dipun berkahi dening Gusti Yesus,
temahan manungsa ingkang gunggung kirang langkung gangsal ewu
kakung, saget
nedha kalayan tuwuk, kepara malah tirah kalih welas wakul.
Punika dereng ketang para pawestri lan para lare. Punika mukjizatipun Gusti
ingkang ketingalipun mokal kelampahan. Nanging kelampahan ngatasi raos was
sumelangipun manungsa.
Lumantar
waosan kita ing dinten punika kita saged sinia bilih manungsa kadhang kala ugi ngraosaken
was sumelang ing satengahing gesangipun. Punapa punika
karana bab sandhang, bab tedha, bab arta, bab pangupa jiwa, bab jodho, bab masa
depan, bab sesakit ingkang dipun sandhang, lsp. Menapa malih wonten kawontenan
ingkang mrihatosaken. Kita temtu gampil sanget saget was
sumelang. Nanging lumantar waaosan punika kita kaajak supados pitados dhateng
Gusti. Pitadosa
bilih Gusti kepareng mitulungi sedaya umat kanthi kebak ing kaluberan ing
sadengah papan lan wekdal. Amin.
Bahan Pirembagan:
1. Sikap ingkang
kados punapa ingkang saged ndadosaken tiyang kaluberan ing berkah?
2. Manungsa kadhang kala ugi ngraosaken
was sumelang ing satengahing gesangipun. Punapa
biasanipun ingkang asring ndadosaken tiyang was sumelang ing satengahing
gesangipun? Cobi panjenengan jlentrehaken?
3. Punapa
ingkang kedah kita tindakaken awit Gusti Allah mirsa tansah kawuningani,
kalebet sanajan ta mobah mosiking ati.
Waosan: Wilangan 12:1-13 ; Jabur
51:3-13 ; Matéus 14:22-36
Cupet Ing Pangandel
Gusti
Yesus enggal enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong
kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?” (Matéus 14:31)
Wonten
piyantun naminipun Pak
Sukardi.
Piyantun punika
piyantun ingkang
temen lan tanggel jawab ing perkawis menapa kemawon. Menapa malih menawi bab
nyekapi kabetahaning gesang kagem brayat. Nalikanipun badhe tindak nyambut
damel, piyambakipun kedah nyabrang
lepen miyos sesek (jembatan ingkang kadamel saking deling). Papan
panyambut damelipun papan
ingkang tebih. Kekiyatanipun sesek punika jelas benten kaliyan kreteg ingkang
kadamel sacara permanen. Piyambakipun mangu-mangu awit nalikanipun nyabrang
sesek punika, kawontenan jawah deres. Ing griya, Ibu Hartini minangka
garwanipun tansah paring semangat supados Pak Sukirdi mboten mangu-mangu,
nalika ngayahi pedamelan ing mangsa rendeng, tetep kedah
bidhal nyambut damel.
Saking carios
ing nginggil, pamangu-mangu punika saged dipun alami sedaya tiyang. Tiyang ingkang nggadahi raos
mangu-mangu punika awit kirang nggadahi kapitadosan ingkang kiyat. Piyambakipun
rumaos ringkih lan rumaos sampun sepuh.
Waosan
ayat ing dinten punika nyariosaken lelampahanipun Petrus nalika badhe murugi
Gusti Yesus lumampah ing sanginggiling toya seganten. Ing
wiwitanipun Petrus katingal semangat lan heroik. Nalika sampun mangertos yen
punika Gusti Yesus sanes memedi, Petrus lajeng nyemplung murugi Gusti Yesus.
Nanging nalika ngraosaken ombak nyempyok sukunipun, Petrus lajeng tuwuh raos
ajrihipun satemah mboko sekedhik klelep.
Punika
dipun cethakaken ing ayat kalawau: Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur
mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus. Nanging bareng kena angin
gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun
tulung!” Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane,
nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang
cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?” Piyambakipun
ajrih, mangu-mangu lan meh klelep ing seganten. Dereng ngantos klelep ing
seganten Petrus sampun dipuntulungi dening Gusti Yesus. Para sekabat sanesipun
lajeng ngaturaken pangalembana dhateng Gusti.
Kadhang kala manungsa nggadahi sikap
nate kados dene Petrus. Ing wiwitan katingal kendel lan
heroik. Nangung
nalika ngadhepi ruwet renteging gesang, rumaos sempah,
mangu-mangu lajeng panik, boten gadhah daya kekiyatan lan kirang anggenipun pasrah
utawi sumarah dhateng Gusti. Lumantar pitulunganipun Gusti dhateng Petrus,
mbereg gesang kita, bilih Gusti Yesus badhe tansah paring pitulungan sauger
mitadoseken gesangipun namung dhateng Panjenenganipun. Prayogi tansah kumandel lan mboten cupet ing
pangandel.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate mangu-mangu,
nalika ngayahi pedamelan ing mangsa rekaos?
2. Punapa
panjenengan nate nggadahi sikap kados dene Petrus nalika ngadhepi ruwet
renteging gesang keingal panik lan mboten gadhah paugeman?
3. Punapa
artosipun tansah
kumandel lan mboten cupet ing pangandel?
Waosan: Wilangan 13:1-25 ; Jabur 106:6-23 ; Matéus 15:21-28
Gedhé Pangandelmu
ing
kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok
gedhe pangandelmu, mulane katakana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga
anake wong wadon mau banjur waras (Matéus 15:28)
Lamun
nyangga momotan ingancam bebaya
ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing driya
sira rineksa Gusti mrih datan bilai
tansande linuwaran wah sinung kraharjan
Menawi panjenengan migatosaken kidung punika, Kidung kasukman ingkang sinerat
ing Kidung Pasamuwan Kristen 79:2 kasebat mbereg dhateng kita nalikanipun
ngraosaken momotaning gesang. Kados pundi supados enggal kaluwaran. Lamun
nyangga momotan ingancam bebaya, ngungsia mring Pangeran ywa
semplah ing driya, sira rineksa Gusti mrih datan bilai, tansande
linuwaran wah sinung kraharjan
Waosan
injil ing dinten
punika nyariosaken tumrap lelampahanipun
piyantun pawestri saking tlatah TIrus lan Sidon. Pawestri kalawau gadha
anak estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget. Lajeng nyuwun pitulungan
dhateng Gusti lajeng bengok-bengok. Nanging Gusti Yesus mboten kersa paring wangsulan
babar pisan. Para sakabat munjuk dhateng Gusti Yesus supados kadhawuhan kesah, karana ngetutaken Gusti Yesus kaliyan bengok-bengok. Nanging pawestri
kalawau mboten gampil putus asa lan adreng sanget anggenipun nyenyuwun dhateng
Gusti Yesus. Mila lajeng Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong
wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan
sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras. Tentu
punika pambudidaya ingkang tuwuh karana agengipun panandhang tiyang pawestri
kalawau.
Pawestri kala wau saged
uwal saking panandhangipun karana pitados sanget dhateng panguwaosipun Gusti Yesus. Perkawis
punika ingkang njalari lajeng pikantuk berkah kesarasan tumrap putranipun.
Pangandel ingkang ageng dhateng Gusti Yesus nuwuhaken kabegjan. Prayogi sedaya
umat kagunganipun nggadahi pangandel ingkang ageng dhateng Gusti ingkang kita
pitadosi. Kanthi mekaten Gusti mesti paring pangluwaran. Kados pratelanipun
Juru Masmur “koyo mangkono anggone padha
diluwari saka tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing
tangane mungsuh”. (Jabur 106:10).
Bahan Pirembagan:
1. Paedah punapa
kemawon ingkang badhe kita gadhahi nalika kita gadhah pangandel ingkang ageng?
2. Menawi
panjenengan dados pawestri kalawau, kinten-kinten punapa panjenengan kiat
ngadhepi perkawis punika? Punapa solusi ingkang badhe panjenengan padosi?
3. Kados
pundi panjenengan ngartosaken ayat punika: “koyo
mangkono anggone padha diluwari saka tanganing wong kang sengit, sarta padha
diuwalake saka ing tangane mungsuh”. (Jabur 106:10)?
Waosan: Wilangan 20:1-3 ; Jabur 95:1-9 ; Matéus 16:13-23
Nglokro/ Semplah
“Kenging
punapa pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah panjenengan bekta dhateng pasamunan
punika, supados kula sedaya dalah raja-kaya kula sami pejah wonten ing ngriki?”
(Wilangan 20:4)
Ing
satunggaling kitha wonten satunggaling pemuda. Pemuda kalawau sampun rampung anggenipun sinau ing
bangku perguruan tinggi. Piyambakipun kepingin nyambut damel ing salah
satunggaling perusahaan ingkang kawentar. Kanthi greget lan semangat,
piyambakipun lajeng mbudidaya murih saget katampi lan enggal pikantuk penghasilan
ingkang limrah. Ananging ingkang dipun rancang jebul benten kaliyan kawontenan.
Perusahaan kalawau boten saget nampi piyambakipun, awit saking salah
satunggaling pranatan ingkang sampun katetepaken.
Karana gagal,
pemuda kala wau
lajeng nglokro lan boten purun malih mbudidaya pados padamelan sanesipun. Piyambakipun
lajeng lonthang-lanthung ngalor ngidul tanpa gawe. Piyambakanipun gesang kanthi
margi mboten cetha. Saben dinten namung ngalamun mboten cetha juntrungipun.
Kepara menawi mboten gadhah udud, lajeng njaluk-njaluk tiyang liwat ing ngajeng
margi.
Pancen kasinggihan gesanging manungsa
kadhangkala ngraosaken nglokro nalika ingkang dados gegayuhan mboten saget
kasembadan. Waosan kita dinten menika nyariosaken lelampahanipun bangsa Israèl
nalika medal saking Mesir tumuju dhateng tanah Kanaan.
Sadangunipun mlampah ing pasamunan, tyang-tiyang Israel ngalami tantangan
ingkang abot sanget. Ing
papan ingkang sinebat Meriba tiyang-tiyang sami nglokro awit kasatan toya . Tiyang-tiyang
sami ngelak lan ngorong kasatan. Musa lan Harun pinangka pangarsaning bangsa Israèl katudhuh
karaosaken
kirang tanggel jawab anggenipun ngirid bangsa Israèl. Musa katuduh
njomplorongaken bangsa Israel ngalami cillaka ing papan tumuju Kanaan. Kamangka
ing Mesir tiyang-tiyang Israel rumasos kacekapan, susu lan madu, papan ingkang
sarwa kacekapan ing samukawis perkawis saben dinten saged dipun panggihi kanthi
cekap. Nanging sapunika ingkang dipun panggihi namung ara-ara samun.
Tiyang-tiyang sami bengok-bengok. Mila bangsa punika kepengin pejah kemawon katimbang
ngraosaken prihatos.
Saking
lelampahanipun bangsa Israel kita saged sinau bilih manungsa kadhang kala ngraosaken
semplah nalikanipun ngraosaken mubah mosiking gesang. Langkung-langkung
tantangan ingkang awrat. Penginipun gesang sarwi kepenak. Paseksinipun Juru Masmur mbereg
dhateng gesanging umat bilih manungsa punika dados ngen-ngenanipun ingkang mesthi
dipun rimat dening Gusti Allah sauger purun mirengaken pangandikanipun. (Jabur
95:7). Prayogi mboten nglokro awit Gusti Allah paring kawigatosan.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate ngraosaken semplah/nglokro?
2. Kados pundi
caranipun supados gesang panjenengan tansah mbote semplah/nglokro?
3. Punapa
paedahipun kangge tiyang ingkang saged ngatasi gesangipun uwal saking raos
semplah/nglokro?
Waosan: Pangandharing Torèt 4 :32-40 ; Jabur 77:12-21 ; Matéus
16:24-28
Kasetyanipun Ibu
“Kowe
padha netepana katetepan lan pepakene kang dak prentahake marang kowe ing dina
iki, supaya kowe lan anak putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta
didawakna umurmu ana ing tansah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
marang kowe ing salawas-lawase.” (Pangandharing Torèt 4:40)
Wonten carios ing pasamuwan ingkang alit
ing satunggaling dusun. Saben dinten Rebo sonten ing
pasamuwan kalawau dipun
wontenaken kempalan pandonga. Pakempalan kalawau sampun lumampah
pinten-pinten tahun. Nalika sepindahan dipun bikak,
ingkang sami nindaki kemrubud, ngantos kursi-kursi mboten kamot. Malah wonten
saperangan warganing pasamuwan ingkang mbeta tikar saking griya. Nanging saya
dangu pakempalan pandonga kalawau sangsaya mrotholi. Menawi ngepasi jawah,
ingkang rawuh namung sekedhik. Alasanipun warni-warni: anyep, letheh, mboten
gadhah payung, lsp. Mila lajeng pakempalan pandonga kalawau sangsaya sekedhik
ingkang nindaki. Kempalan
pandonga punika namung dipun rawuhi gangsal dumugi enem piyantun
kemawon saben sontenipun. Perkawis punika lajeng pikantuk kawigatosan saking
pangarsaning pasamuwan. Krana namung sekedik ingkang rawuh kempalan pandonga
punika, lajeng dipun sumenekaken alias dipun lereni.
Namung punapa ingkang kadadosan? Wonten
satunggaling ibu ingkang tetep setya ngrawuhi pakempalan pandonga wau, sanajan
ingkang rawuh sangsaya sekedhik. Ibu punika tetep setya tuhu rawuh ing dinten Rebo candakipun lan dedonga piyambakan ing greja punika sanajan sanesipun
sampun bosen ndedonga. Ibu punika sanget anggenipun ngraosaken pakaryaning Gusti Allah.
Dedonga piyambakan wonten ing greja boten dados pambengan kangge nelakaken
sesambetanipun dhateng Pangeran.
Waosan kita dinten punika mujudaken
pepemut saking Nabi Musa dhateng umatipun Gusti, Bangsa Israèl. Pepemut punika gegayutan kaliyan
pakaryanipun Gusti Allah tumrap bangsa Israel ingkang sampun ngentasaken bangsa
kalawau saking pangawulan ing tanah Mesir.
Punika kados ingkang kacetha ing pangandikanipun:
Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para
turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir
srana kakiyatan kang linuwih; sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli
kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan
maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing
dina iki.
Milanipun tiyang Israel kaajak supados tansah netepi
angger-anggeringing Torèt. Bangsa Isarel kedah tansah setya tuhu netepi dhawuh
pangandanipun Gusti. Tumindak mekaten tundhonipun badhe pikantuk ganjaran yuswa
panjang. Punika kedah katindakaken kanthi setya tuhu. Milanipun
prayogi menawi
kita sami
nuladha dhateng kasetyanipun Ibu kados carios ing nginggil kala wau.
Sanadyan
piyambakan, punika mboten dados pepalang anggenipun tetep setya tuhu mbangun
seambetan kaliyan Gusti Allah.
Bahan Pirembagan:
1. Kadospundi
panjenengan gadhah penilaian tumrap ibu ing carios nginggil?
2. Punapa
panjenengan remen nggadhahi umur panjang?
3. Miturut
panjenengan, napa kemawon ingkang nemtokaken tiyang punika umuripun panjang?
Waosan: Pangandharing Torèt 6:4-13 ; Jabur 18:2-4. 29-34:Matéus
17:14-20
Mirengaken Lan
Nglampahi
“Tembung
tembung kang diprentahaké marang kowé ing dina iki, iku padha gatekna.”
(Pangandharing Torèt 6:6)
Ing sawijining dinten, wonten nem-neman jaler
ingkang sowan dhateng pastori. Nem-neman kalawau nedya kepengin
kepanggih
kaliyan Bapa Pendita. Sampun sawetawis dangu piyambakipun mboten naté ngibadah
sesarengan kaliyan para umat. Mila gesangipun tebih saking
pepanggihan-pepanggihan pangabekti.
Nem-neman wau matur dhateng Bapak Pendita: “Pak kula nyuwun
pandonganipun. Kula anggadhahi rancangan, bilih wulan ngajeng, kula
badhe dhateng ing Israèl wonten ing Gunung Sinai. Wonten ing Gunung Sinai
mrika
kula badhe nyepeng Kitab Suci lan lajeng maosaken angger-anggering Torèt kados
ingkang dipun tindakaken dening Nabi Musa.”
Nalika mireng
tekadipun nem-neman kalawau, kados pundi pemanggihipun pak pendita? Paring wangsulanipun
Bapak Pendita: “Lungamu menyang Israèl apik
banget. Nanging bakal muspra
tanpa guna. Menawa mung arep
maca
angering-anggering Torèt, cukup ana ing omah wae.
Bubar kuwi nglakonono kabeh dhawuh pangandikane Gusti,
mbangun mituruta lan tansaha sumuyud marang Gusti, katimbang mung maca angger-anggering
Torèt ndadak tekan Gunung Sinai barang. Dhasar bocah
gemblung!”
Mekaten wangsulan Bapak Pendita kala wau. Pangandikanipun
Bapak Pendita punika wau sampun pas. Malah linangkung wicaksana, awit
kathah tiyang ingkang tindak dhateng tanah suci lan rumaos sampun nglampahi
dawuh pangandikanipun, tinimbang kaliyan nindakaken
dhawuhipun kanthi temen ing gesang padintenan. Punika langkung prayogi.
Waosan kita ing dinten punika paring pambereg
dhateng sedaya umat supados mboten namung mirengaken pangandikanipun Gusti, nanging ugi nggatosaken. Tembung
nggatosaken ateges purun nglampahi ing sadhengah kawotenaning gesang lan
mulangaken kanthi tekun.
Rahayu ingkang sami mirengaken pangandikanipun lan nglampahi ing gesang
padintenanipun. Punika kedah dipun tindakaken lan dipun wulangaken
nalika para tiyang sepuh nglampahi sadhengah aktivitas padintenan: “Wulangna
marang anak-anakmu. Wulangna samasa kowé lagi ana ing omah, utawa lagi
lelungan, yèn kowé lagi ngaso utawa yèn lagi nyambut-gawé. Talènana ana ing
lengenmu lan tèmplèkna ana ing bathukmu supaya kowé tansah kèlingan. Tulisen
ing lawang-lawangé omahmu lan ing gapuramu."
Pancen
tanggel jawab tiyang sepuh punika ketingal awrat sanget. Nanging menawi
ngengeti tumrap para lare ingkang mbetahaken panuntun kangge gesang imanipun,
tugas punika ketingal ngremenaken. Awit kados dados kesempatan kangge nanem
wiji ingkang sae. Ing mangsanipun temtu badhe tuwuh ngrembaka lan panen
matikel-tikel. Mugi kita kasagedaken
kanthi eklas nindakaken tanggel jawab punika.
Bahan Pirembagan:
1. Ing jaman sapunika, punapa
panjenengan taksih mrangguli model ngagami kados tiyang Farisi ingkang
nengenaken kesalehan kulit/ritual kemawon?
2. Punapa
tiyang sepuh sapunika taksih kober mraktekaken pendidikan anak kados ingkang
kadhawuhaken wonten ing Pangandharing Torèt 6:6-9?
3. Punapa
panjenengan rumaos awrat nyanggi tanggel jawab nggulowenthah para lare?
Waosan: 1 Para-raja 19:4-8 ; Jabur 34
:2-9 ; Efesus 4:25- 52 ; Yokanan 6:35, 41-51
Roti Panguripan
Pangandikane
Yesus:Aku iki rotining urip, sing sapa marani Aku iku ora bakal luwe maneh
(Yokanan 6:35a)
Tetedhan punika dados kabetahanipun manungsa
ingkang penting ing saben dintenipun. Kita
limrahipun ngraosaken
prihatos menawi tanpa cawis tetedhan ingkang cekap. Sedaya sami
mbudidaya murih kacekaping kabetahan pangan. Kathah cara ingkang dipun lampahi
kangge nyekapi kabetahan punika. Pambudidaya
kalawau kadosdene
nyambut damel ingkang wekel, kanthi pangajab saget nyekapi
kabetahanipun. Berusaha napa kemawon kanthi mawerni-werni cara murih
cekap. Malah
wonten sedherek ingkang kepingin saged nedha kanthi tuwuk,
nanging kanthi srana
nindhakake perkawis-perkawis ingkang congkah kaliyan karsanipun Gusti, kados
dene nyolong, ngrampok, korupsi, lsp.
Sanesipun tetedhan minangka
kabetahan jasmani, manungsa
ugi betahaken bab karohanen, awit kabetahan gesang punika dumados saking kalih
perkawis inggih punika kabetahan rohani lan
kabetahan jasmani.
Perkawis karohanen ugi mbetahaken kawigatosan ingkang sami. Punika
kedah ugi dipun cekapi kanthi tuwuk. Nanging kasunyatanipun kathah tiyang ingkang
namung nengenaken kabetahan kajasmanen tanpa menggalih kabetahan karohanen. Akibatipun
gesangipun mboten seimbang. Kajasmanen kedah tansah dipun cekapi. Semanten ugi
kabetahan karohanen ugi kedah dipun cekapi ugi.
Ing dinten punika kita sinau saking pangandikanipun Gusti bab roti
panguripan. Gusti Yesus ngendika: Aku
iki rotining urip, sing sapa marani Aku iku ora bakal luwe maneh (Yokanan
6:35a)
Saking pangandikanipun Gusti punika kita mangertos bilih Gusti Yesus
punika minangka roti panguripan. Ateges Gusti Yesus minangka sumbering gesang.
Tanpa panjenenganipun manungsa badhe kaluwen, inggih mboten badhe gadhah
gesang.
Nalika tiyang Yahudi sami madosi
Gusti Yesus, piyambakipun sami miterang bab kabetahaning raga. Namung Gusti
Yesus lajeng paring pangandika, perkawis tetedhan ingkang asipat langgeng
inggih punika Roti ingkang gesang inggih punika Gusti Yesus Kristus
piyambak.
Sinten kemawon ingkang nampeni roti
ingkang gesang punika boten badhe kaluwen malah kepara pikantuk gesang
langgeng. Waosan dinten punika mbereg dhateng umat supados sami dene pitados
dhateng pakaryanipun Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Mboten pitados dhateng
panguwaos ing sanjawining Gusti Yesus, awit kawilujengan langgeng namung wonten
ing Panjenenganipun. Sintena kemawon mboten kuciwa menawi mitadosi Gusti Yesus
minangka roti panguripan ingkang langgeng.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa kabetahan
jasmani lan rohani panjenengan sampun saged seimbang? Kenging punapa mekaten?
2. Punapa
panjenengan kalebet tiyang ingkang “terforsir” ngupadi donya?
3. Kados pundi
caranipun supados gesang kita gadhah panguripan ingkang sejatos?
Waosan: Pangandharing Torèt 10:12-22;
Jabur 147:12-20;Matéus 17:22-27
Ajrih Asih Dhateng Gusti Allah
Kang
iku, he wong Israèl, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi asiha marang Pangeran
Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua marang dalan kang ditedahake sarta
tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kalawan
gumolonging ati lan gumolonging nyawamu. (Pangandharing Torèt 10:12).
Saben manungsa gadhah raos ajrih,
dadosa ajrih dhateng kewan galak, toya seganten, ajrih kleleb,
ajrih menawi
nitih sepur, ajrih nitih pesawat lan ugi ajrih dhateng swasana tartamtu
kadasta ajrih menawi wonten griya piyambakan, lsp.
Raos ajrih
punika sejatosipun bab ingkang normal lan saged dipun alami dening sinten kemawon.
Namung raos ajrih dipun alami kanthi patrap ingkang benten-benten. Wonten
tiyang ingkang ajrihipun kanthi kadhar ingkang sekedhik. Wonten tiyang ingkang
ajrihipun kanthi kadar ingkang akut/kathah sanget. Kadar akut punika saged
dumugi ing pengalaman batos ingkang dipun wastani pengalaman traumatik. Menawi
sampun dumugi pengalaman traumatik, bab punika saged ndadosaken mimpi buruk
ngantos godaan bunuh diri. Bab punika nate kelampahan ing gesang nyata kados
ingkang asring kita pirsani saking siaran TV.
Waosan kitab suci dinten punika
ngrembag babagan kawibawan, kekiyatan lan ugi panguwaosipun Gusti.
Babagan punika sejatosipun gegayutan kaliyan raos ajrih dhateng Gusti Allah lan
punika dados
punjeranipun tiyang pitados. Nanging raos ajrih ingkang kados punapa?
Temtu kemawon
raos ajrih punika mboten kados raos ajrihipun menawi kita liwat kuburan
piyambakan ing wanci dalu. Inggih punika mbayangaken wonten memedi utawi hantu.
Punika raos ajrih ingkang ateges ngeri lan enggal kepengin ngedoh. Utawi raos
ajrih tiyang ingkang dipun sandra. Tiyang ingkang dipun sandra punika nggadhai
raos ajroh ing manah ingkang kapeteg karana wonten pucuking kematian. Utawi
raos ajrih ingkang dipun alami dening terpidana mati ing ngajenging algojo
ngasta pedang landhep. Punika raos ngeri ingkang tundhanipun ngganjar
karisakan.
Raos ajrih
dhateng Gusti Allah mboten
kados ingkang sinebat ing nginggil. Pangertosan ajrih dhateng Gusti Allah
ingkang dipun maksud inggih punika: raos ajrih kinanthenan
asih lan bekti darma dhateng Gusti. Mila ajrihipun kebak pakering saha bekti
dhateng Gusti. Ering lan ajrih menawi gesangipun tebih kaliyan Gusti lan
menawi nglirwakaken
pranatan lan dhawuhipun Gusti.
Ing waosan
punika Gusti Allah paring dhawuh dhateng Umat Israèl minangka umat pilihananipun Gusti supados tansah lumampah ing margi
ambah-ambahanipun. Tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yesus punika ugi dados
umat pilihanipun. Kanthi mekaten prayogi sami nggadahi raos ajrih dhateng Gusti
Allah, nebihi saking lampah ingkang mboten nyondhongi kerasanipun Gusti lan
tansah sumuyud caos pakurmat lumantar sedaya tata gesang ingkang maujud ing
sadengah lampah.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate gadhah pengalaman traumatik satemah ngganggu gesang
panjenengan? Punapa punika? Kados pundi caranipun panjenengan uwal saking
kawontenan punika?
2. Kados pundi
panjenengan mujudaken raos ajrih asih dhateng Gusti ing gesang panjenengan
saben dintenipun?
Waosan: P. Torèt 31:1-8; P. Torèt
32:3-12; Matéus 18:1-5,10,12,14
Mboten Katilar
Pangeran
Yehuwah piyambak kang bakal ngiirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal
nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane
aja wedi lan aja semplah. (Pangandharing Torèt 31:8)
Wonten laré cacah kalih ingkang nembé
umur nem tahun. Setunggalipun naminipun Guntur, dene setunggalipun nami Bagas. Kekalihipin sami
miterang :
Guntur
: Gas, aku dak
takon ya? Yen
Bapakmu dadi kura-kura, kowe kepengin dadi
apa Gas?
Bagas
: aku kepengin dadi omahe
kura-kura. Ben aku digendhong terus karo
Bapakku!!!
Pancen kasinggihan,
jawabanipun Bagas punika cebles sanget. Awit Bagas punika caket sanget
sesambetanipun kaliyan ingkang Rama. Wondene ibunipun Bagas sampun kapundhut
Gusti setunggal tahun kepengker. Ananging Bagas mboten nate rumaos katilar
dening Bapakipun.
Saking
dongeng kalawau kita sami mangertos bilih relasi ingkang celak punika
satunggaling kawontentan ingkang dipun idham-idahameken sedaya tiyang. Kados
dene Bagas, ingkang tansah celak kaliyan ramanipun, kita sedaya kepengin
sesambetan kita kaliyan Gusti ugi raket lan kebak katresnan. Pramila ing carios
kalawau piyambakipun (Bagas) tansah kepingin kagendhong dening ramanipun teng
pundi kemawon piyambakipun wonten.
Dhawuh
pangandikanipun Gusti ing wekdal punika
nedahaken dhumateng kita bilih senapati Yusak punika ingkang kapiji nuntun Bangsa Israèl
lumebet ing tanah Kanaan. Nanging piyambakipun ngraosaken sisah awit kedah
pisah kaliyan Nabi Musa. Piyambakipun mboten saged nerusaken
kepemimpinanipun karana sampun sepuh ing yuswa saha boten dipun keparengaken
dening Gusti Allah. Nalika Yosua semplah, Nabi Musa ngengetaken bilih Gusti Allah piyabak
ingkang badhe
tansah nunggil lan nuntun Yusak mimpin umatipun Gusti mlebet dhateng
Kanaan. Gusti
Allah ingkang sampun nuntun Musa temtu badhe maringi kesagetan dhateng
piyambakipun. Mila Musa lajeng pepisahan kaliyan Yusak.
Pepisahan tumraping manungsa kadhang
kala dados kaprihatosan, menapa malih pepisahan nalika semah, garwa, putra,
utawi salah setunggalipun kapundhut dening Gusti. Waosan kitab suci dinten
punika paring pepemut bilih Gusti Allah badhe tansah ngirid lan nunggil dhateng
Yusak nalikanipun kedah mimpin Bangsa Israèl, mila mboten wonten ingkang karaos
awrat menapa malih rumaos katilar dening Allah.
Dhateng para umat kagunganipun, ugi
mboten badhe katilar dening Gusti Yesus, mila prayogi mitadosi bilih Allah
tansah nunggil kaliyan sedaya manungsa ingkang dipun tersnani.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate gadhah tanggel jawab ageng lan awrat?
2. Punapa
panjenengan ing nalika gadhah tanggel jawab ingkang ageng lan awrat kangge
nyanggi saha ngayahi rumaos dipun tilar dening Gusti?
3. Kados pundi
panjenengan mengelola gesang/manah nalika kedah ngalami pisah saking samukawis
perkawis (karier, jabatan, arta, banda, tiyang sepuh, sisihan, lsp)?
Waosan: Pangandharing Torèt 34:1-12;
Jabur 66:5-27;Matéus 18:15-20
Sinau Ngaturaken
Panuwun
He
para bangsa, Gusti Allah padha saoasana puji, lan padha ngunjukna pepujian
marang Panjenengane. (Jabur 66:8)
Wonten pemuda
naminipun Dony
lan Dody. Kekalihipun nembé mlampah ing pinggiring
seganten, nedya ningali kaendahaning titahipun Gusti. Karana dangu
mlampah nurut pinggiring seganten ingkang wiyar, kekalihipun ngraosaken ngelak.
Emanipun mboten wonten tiyang sadeyan minuman ing papan punika. Lajeng
kanthi
pambudidayanipun ingkang wekel, piyambakipun sareng-sareng pados toya kangge
ngicali raos ngelakipun. Saking katebihan ketingal wonten laré alit ingkang
mbeta gelas isi toya pethak namung mboten kebak. Laré punika lajeng nyaosaken
toya wau kanthi suka bingah dhateng Dony lan Dody.
Temtu kemawon
toya punika
ngremenaken kanggenipun Dony lan Dody. Nanging emanipun namung sekedhik,
namung setengah
gelas.
Nanging
sanajan namung setengah
gelas, menawi dipun syukuri, tetep saged gicali raos ngelakipun Dony, sanadyan mboten sepintena.
Nanging benten menawi Dody lan Dony namung
nyawang
peranganing gelas ingkang isi toya ingkang namung sekedhik
punika kanthi panggrundel: “Kok mung sethithik.” Napa malih panggrundel
punika kinanthenan raos mangkel ing manah, temtu kemawon mboten malah ical
ngelakipun, nanging malah kebrangas manahipun.
Benten malih menawi Dody lan
Dony nyawang
gelas isi toya kalawau kanthi manah ingkang kebak raos
sokur: ing ngatase ngelak banget, kok isih ana wong welas aweh banyu. Malah
saka bocah sisan.
Mekaten kalih pemuda kalawau
sanget ngaturaken panuwun
dhateng Gusti, dene ing kawontenan ingkang ngelak taksih saget manggihaken
toya. Menawi Dody, rumaos gelo, awit namung manggihaken gelas ingkang mboten kebak,
temtu Dody dados kirang saget ngaturaken
panuwun. Kedahipun Dody saget nyawang lan ngraosaken pakaryanipun Gusti ing
satengahing panandhang punapa dene ing satengahing kabingahan.
Juru
Masmur ing waosan
kita suka
piwucal ingkang prayogi dhateng umatipun, nadyan nemahi perkawis ingkang kirang ngremenaken menapa malih
damel gela, tetapa sami ngaturaken puji panuwun sokur konjuk wonten ngarsanipun
Gusti. Dadosa ing satengahing kaluberan menapa dene ing satengahing
kacingkrangan.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nembe nglampahi kados judul ing nginggil?
2. Kanggenepun
tiyang pitados, punapa wonten berkah ingkang sekedhik lan berkah ingkang
kathah? Kenging punapa mekaten?
3. Punapa
panjenengan nate nampi kawontenan ingkang ngremenaken satemah dados gela? Bab
punapa menika? Lajeng kados pundi panjenengan ngatasi bab kalawau?
Waosan: Yusak 3:7-10,11,13-17; Jabur 114 :1-6; Matéus 18 :21-19:1
Welas Asih
Apa
kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku aku iya wis melasi kowe?
(Mateus 18:33)
Wonten lare
nami Nicholas, remaja umur sekawan welas tahun.
Piyambakipun
ngginakaken wekdal mangsa liburan kaliyan bapakipun wonten ing Korea. Ing papan
ingkang damel remening ati punika Nicholas nampi alangan inggih punika
kacilakan. Piyambakan dipun tabrak mobil ngantos pejah.
Nalika Nicholas pejah wonten piyantun
ingkang nyuwun organ tubuhipun Nicholas lan matur kaliyan bapakipun. Sanajan
awrat, kanthi
suka bingah bapakipun “mendonorkan” organ kalawau kangge mitulungi tiyang ingkang
mbetahaken sanadyan nembé wonten ing satengahing panandhang. Kenging punapa
ramanipun Nicholas saget mitulungi tiyang sanes? Sedaya kala wau awit saking
tuwuhing raos welas asih wonten ing gesangipun awit saking pakaryanipun Roh
Suci.
Rasul
Petrus minangka
sekabatipun Gusti, nyuwun katerangan dhateng Gusti Yesus perkawis patraping
manungsa, nalika asung pangapunten dhateng sedherek ingkang kalepatan. Gusti
paring piwucal supados sami asung pangapunten kanthi eklasing manah. Gusti
Yesus nggambaraken kanthi pasemon kados sawijining ratu ingkang karsa etang-etangan kaliyan abdinipun. Abdi kalawau gadhah utang saleksa talenta nanging mboten saged
ngesahi utangipun. Sang Nata banjur dhawuh, supados tiyang wau dalah anak bojonipun lan sedaya barang darbeke sami didoli kangge nglunasi utangipun.
Nanging abdi wau nyuwun kasabaran Sang Nata kangge nglunasi. Sang Nata trenyuh ing galih margi saking welasipun, milan abdi kalawau lajeng dipun diluwari utangipun. Nanging nalika abdi mau kapethuk karo abdi sanesipun ingkang utang namung satus dinar,
rencangipun dipuncekel lan dipuntekak gulune. Gusti duka banget. Abdi wau lajeng dipun
pasrahaken dhateng algojo.
Mekaten
pasemon kalawau mulang dhateng umat manungsa sedaya kadhawuhan sami dene nggatosaken
dhateng tiyang sanes, kanthi dasar katresnanipun Gusti, ingkang sampun nandhang
sangsara kangge kesaenanipun manungsa.
Kados carios ramanipun Nicholas ing nginggil, mbereg dhateng
manungsa ingkang sampun linuwaran saking dosa awit pakaryanipun Gusti, perlu
nindakaken perkawis ingkang migunani tumraping liyan. Prayogi nuladha
kawigatosan ingkang dipun lampahi dening Ramanipun Nicholas. Ing satengahing
panandhang tetep nggadahi raos welas asih dhateng sesami ingkang mbetahaken
pitulungan.
Bahan Pirembagan:
1. Ing gesang
samangke, punapa taksih wonten tiyang kados abdi ingkang culika kados
pasemonipun Gusti Yesus kalawau? Kados pundi katranganipun?
2. Ing gesang
samangke, punapa taksih wonten tiyang kados ramanipun Nicolas?
3. Menawi
panjenengan dados ramanipun Nicolas, punapa panjenengan badhe lila “mendonorkan”
organ anak panjenengan kangge mitulungi tiyang sanes?
Waosan: Yusak 24 :1-13 ; Jabur 136:16-24 ; Matéus 19 :3-12
Kadarmané Langgeng
Ing Salawasé
Gusti
Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng
sih-kadarmane. (Jabur 136:16)
Kathah perkawis ing jagad
punika ingkang gampil ewah. Sedaya mboten wonten ingkang
langgeng. Kalebet kawontenaning gesang. Sakawit bingah. Dumadakan ewah dados
kasedhihan lan prihatos. Kalebet
kawontenaning brayat. Sakawit tanpa punapa-punapa. Tumunten nandang prihatos
matumpa-tumpa. Brayat
kristen ingkang sekawit ngraosaken tentrem rahayu, tumunten ngraosaken
kaprihatosan. Taneman pantun ingkang sewau ketingal ijo royo-royo, ngremenaken
tumunten lajeng pejah kenging bena. Kanthi tembung sanes kathah ewah-ewahan
wonten satengahing gesang punika nyarengi gumantosing wekdal.
Ngadhepi
kawontenan ingkang mekaten, saged ndadosaken tiyang semlengeran lan stress,
nggrantes, utawi ngengleng. Manah buneg, ati peteng, pikiran semrawut. Waosan kita dinten punika nyariosaken lelampahanipun bangsa
Israèl saking tanah Mesir tumuju dhateng Kanaan, Yusak 24 :6 kanthi jelas
paring piwucal, bilih Gusti Allah ingkang ngirid lampahipun bangsa Israèl nalika nyabrang
ing seganten Tebereau. Bangsa Israel ngalami ewah-ewahan ingkang
sae. Saking pangawulan, uwal dados bangsa ingkang merdika. Malah sapunika
manggen ing tanah peparingipun Gusti. Emanipun, ewah-ewahan punika mboten
ndadosaken bangsa
Israèl ketingal saya bekti, nanging malah dados gampil ngedumel, mboten pitados dhateng
Gusti Allah, damel sesembahan ingkang cengkah kaliyan dhawuhipun Gusti.
Ananging wonten salebeting ewah-ewahan punika kadarmanipun Allah boten nate
ewah gingsir. Ateges, Gusti Allah mboten nate nilaraken umatipun.
Gesangipun manungsa kadhang kala nglampahi
ewah-ewahan. Nate ngraosaken kaluberan, ananging ugi nate ngraosaken
kacingkrangan. Kadhang kala sehat, ananging ugi nate ngraosaken sakit, kadhang
kala nggadhahi greget ingkang linangkung, ananging nate ugi gelo, lan nglokro.
Juru Masmur ngemutaken dhateng manungsa
bilih kadarmanipun Allah punika langgeng ing salaminipun, Panjenenganipun
nuntun sedaya umatipun nalika nembé mlampah senadyan manungsa kadhang kala
nglampahi ewah-ewahan.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate sumlengeran, stress, malah kados toyang ngengleng ngadhepi
ewah-ewahan gesang ing brayat panjenengan ingkang dumadakan? Kados pundi
panjenengan ngatasi punika?
2. Kados pundi
panjenengan niteni bilih katresnanipun Gusti punika langgeng tumrap
panjenengan? Ing bab punapa punika?
Waosan: Yusak 24:14-19;Jabur 16:1-8;Matéus 19:13-15
Pangrimatipun Gusti
Unjuke
marang Sang Yehuwah mangkene: ”Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten
wonten ingkang sae kejawi Paduka.” (Jabur 16:2)
Menawi nanem
bayem, limrahipun taneman punika saged gesang sanajan dipuntogaken mboten
karimat. Nanging menawi taneman kalawau pantun, tiyang mboten saged ngetogaken
taneman punika lajeng kaajeng-ajeng panenipun saged matikel-tikel. Kepara
taneman kalawau mboten saged medal wohipun, saged ugi malah pejah. Mekaten
gesangipun manungsa perlu pangrimat saking Gusti.
Sasampunipun Gusti Allah nitahaken
langit lan bumi, jagad lan saisinipun, Panjenenganipun boten lajeng kendel.
Kenging punapa mekaten? Awit sedaya boten katilaraken ananging dipun rimati lan
dipun cekapi kabetahanipun. Gusti Allah punika boten kados dene tukang damel
jam, ingkang namung cekap damel kemawon lan ngetogaken supados mlampah piyambak.
Panjenenganipun inggih Bapa ingkang kebak ing katresnan. Perkawis punika
katitik anggenipun ngrimati, nuntun lan berkahi sedaya kagunganiPun.
Pangrimatipun Gusti Allah saget dipun
tingali wonten ing cara anggenipun nglestantunaken jagad. Nalika jagad karisak
dening dosa, Allah ugi rawuh ing donya lumantar Gusti Yesus Kristus ingkang
kepareng dandosi manungsa. Ing sisih sanes Gusti Allah ugi nyawisaken sedaya
kabetahaning gesang dadosa satata kajasmanen punapa dene karohanen.
Juru Masmur ing waosan
kita ngraosaken
pangrimatipun Gusti ingkang ageng, pramila lajeng saget munjuk: Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten
ingkang sae kejawi Paduka. Kasaenanipun Gusti prayogi dipun mangertosi lan dipun
raosaken dening sedaya umat kagunganipun. Menawi saget ngraosaken pangrimatipun
Gusti lajeng tuwuha pandamel ingkang linangkung sae, migunani
tumraping sesami punapa malih dhateng Gusti Allah sumbering Gesang.
Sumangga sami ngraosaken berkah lan
pangrimatipun Gusti, lan ngunjukna panuwun sokur ing sadengah perkawis lumantar
sedaya lampah lan pandamel ingkang prayogi. Pinujia Gusti Allah ingkang
sakalangkung sae tumrap sedaya manungsa.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan kalebet tiyang ingkang sregep ngrimati gesang karohanen
panjenengan?
2. Pangrimat
ingkang kados punapa menawi panjenengan nembe pepes karohanenipun? Punapa
punika saged kadumugen?
3. Pangrimat
karohanen kados punapa ingkang kedah kita tindakaken dhateng brayat kita
piyambak-piyambak?
Waosan: Wulang Bebasan
9:1-6;Jabur 34:10-15;Efesus 5:15-20;Yokanan 6:51-58
Mekak Ilat
Ilatmu
pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang
cidra. (Jabur 34:14)
Ibu Lasiyem piyantun ingkang sregep
ndherek sedaya kegiatan ing pasmuwan, mirungganipun kegiatanipun Ibu-ibu. Menawi
ngepasi mangsa panas, bentering
surya mboten malangi pepinginanipun kangge ndherek kegiatan.
Lan menawi
jawah deres, tumetesing
toya jawah mboten dados pambengan kangge derek ing kegiatan kasebat. Namung
sawijing dinten piyambakipun mireng pangandikan saking salah setunggaling
piyantun ingkang karaosaken dhening Ibu Lasiyem. Pangandikan ingkang katampi
boten kepenak dipun pireng, dadosa pangandika ingkang dipun
sengaja punapa dene mboten dipun sengaja, ingkang baken ndadosaken
manahipun Ibu Lasiyem dados sakit.
Wonten ing pasrawungan kadhang kala
mireng bilih lathi punika boten wonten balungipun. Pangertosan kasebat saget
dipun wawas bilih piyantun punika gampil paring pangandika nadyan mboten cocog
kaliyan ingkang dipun ngendikakaken. Nalikanipun wonten piyantun ingkang
landhep pangandikanipun lan mboten sami kaliyan kasunyatanipun, mila asring kita
manggihi piyantun ingkang lajeng gerah manah.
Ing waosan
kita, Juru
Masmur paring pambereg supados sami ngatos-atos menawi kita ngginaken lathi.
Awit amargi lathi asring ndadosaken manah bingah lan nggadahi
semangat, saget ugi amargi lathi dadosaken risaking sesambetan ing antawisipun
setungal lan setunggalipun. Malah wonten piyantun ingkang nebih saking Gusti
awit mireng pangandikan ingkang kirang prayogi. Mila pancen
mboten gmpil ngginakaken lathi.
Pancen nalika
taksih bayi, tiyang sepuh nggadahi pangajeng-ajeng murih bayinipun enggal saged
wicanten. Saking tembung ingkang sederhana, kadosta, ma ma ma, pa pa pa pa,
tiyang sepuhipun sampun bingah sanget. Malah nalika sangsaya ageng, tyang
sepuhipun sangsaya remen nalika larenipun saged ngomong kathah. Nanging
sasampunipu ndhiwasa, menawi kathah ngomong/wicantenan, punika malah dados
masalah. Mila kedah ngomong kanthi tepat lan sae. Mboten sakarepe dhewe. Mila mangga ginaken lathi kangge
mbangun sesambetan murih sedaya mgraosaken tentrem rahayu.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate mireng unen-unen tumbak cucukan, kulak werta adol wicara? Napa
punika artosipun?
2. Pundi
langkung gampil, mbubrahke semangat utawi nambah semangat, kanthi tembung/lathi
ingkang kita ginakaken?
3. Kadospundi
panjenengan ngartosaken Yakobus 3:1-10?
Waosan: Pangandharing Torèt
15:12-16;Jabur 101; 1 Petrus 2:13-17;Matéus 22:15-21
MARDIKA !!
Uripmu
dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo
nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah. (I Petrus 2:16).
Saben tanggal 17 Agustus, Bangsa Indonesia
mahargya dinten kamardikan. Pekik kemerdekaan ngumandhang saking Sabang dumugi
Merauke: Merdheka, merdheka, merdheka. Mardika nggadhahi maksud “bebas”,
lepas, tentrem.
Punapa perkawis punika ateges bebas saking sedaya samukawis?, kalebet bebas
nglampahi punapa kemawon? Temtu boten mekaten ingkang dipun maksud.
Sasampunipun bebas saking panguwaosipun penjajah bangsa
Indonesia, kedah
sumadya nglampahi dhawuh saking pamarintah Indonesia.
Kamardikan ingkang dipun gadhahi
manungsa, lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus, mujudaken sih rahmat
ingkang kaparingaken sacara mirunggan. Manungsa ingkang sampun nampi
kawijulengan, boten lajeng gesang sasekecanipun piyambak. Nanging
kedah manut miturut dhateng karsanipun Gusti.
Waosan dinten punika nedahaken
dhateng para umatipun Gusti, sasampunipun nampeni kamardikan kedah purun gesang
dados abdi. Kamangka, minangka jejering abdi kedah nggadahi raos urmat dhateng
sedaya umat. Gesang kebak ing katresnan lan sumadya lelados. Awit saking punika
monggo sumadya gesang kagem kaluhuranipun Gusti awit manungsa ingkang
ngraosaken mardika punika dados kagunganipun.
Rasul Petrus memulang dhateng pasamuwann supados sami sumuyud, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti
Allah, dadosa marang raja Ingkang dipun kajengaken ing
ngriki Sang Nata Agung ing nagari Rum. ing kang kagungan panguwaos inkang inggil piyambak,
mekaten ugi sumuyud dhateng pangarsa ingkang sanes. Punika mboten kadhasaran
raos bekti utawi manembah, nanging minangka pakurman lan ngaosi panguwaos
ingkang langkung inggil. Awit panguwaos kalawau ugi dipun agem dening Gusti
kangge mbabaraken katentreman lan karaharjan.
Ing sisih sanes, kados paseksinipun Juru Masmur,
pemazmur ngraosaken bilih pakaryanipun Allah punika jangep tanpa cacat. Punika
tuwuh saking manahipun awit ngrumaosi bilih Allah punika maha adil lan maha
kuwaos. Mila pemzmur ngunandika mekaten:“Kawula badhe
migatosaken gesang ingkang tanpa cacad, benjing menapa Paduka badhe nedhaki
kawula? kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula
“. (Jabur 101:2).
Bahan Pirembagan:
1. Menawi
kagambaraken, minangka tiyang pitados, panjenengan napa milih dipun pekak
nganggge kekang kados jaran, utawi dipun eculaken kados kidang tanpa kandang?
2. Kados pundi
panjenengan badhe migunakaken kemerdhikan kangge ngisi gesang panjenengan
peparing saking Gusti?
3. Kadospundi
menawi pamarentah ingkang panjenengan suyudi menika tiran lan korup? Kadospundi
sikap panjenengan minangka tiyang pitados?
Waosan: Para Hakim 6:11-24; Jabur 85:9-14; Matéus 19:23-30
Mboten Mokal
Gusti
Yesus banjur mandeng marang para sekabat sarta ngandika:“Tumraping manungsa bab
iku mokal, ananging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon, (Matéus
19:26).
Wonten pemuda
naminipun Prawadi.
Pemuda punika
asalipun saking
dusun ingkang nyambut damel wonten Korea. Nalika
nyambut damel, pemuda kalawau kadhang kala dipun ece dening piyantun Korea, awit
gesangipun tansah sumuyud dhateng Gusti Allah. Jebul piyayi ingkang ngece
punika boten pitados dhateng Gusti Allah (Atheis). Nalika Prawadi dipun dhawuhi
mlebetaken
mobil dateng garasi, piyambakipun bingung. Kenging punapa mekaten? awit dereng
nate nglampahaken mobil ingkang sakalangkung canggih menawi kabandhing kaliyan
mobil ingkang nate dipun lampahaken. Ananging Prawadi kepengin nyobi
nglampahaken mobil punika.
Saderengipun nampi kunci kontak,
piyambakipun dedonga nyuwun kekiyatan dhateng Gusti Allah murih saget netepi
dawuhipun piyantun kala wau. Nalika mobil wiwit mlampah tumuju dhateng garasi,
piyantun ingkang paring dhawuh kala wau gumun. Piyambakipun boten nginten
menawi Prawadi saget nyopir. Sasampunipun mobil mlebet garasi, piyantun kala
wau ndangu Prawadi: “Kok kowe bisa nyopir? “, wangsulanipun Prawadi: “Mboten
wonten perkawis ingkang mokal tumraping Gusti Allah, nadyan mokal tumraping
manungsa.”
Carios
guyonan kalawau mulang kita kados pundi nggantungaken gesagn namung dhateng
Gusti Yesus piyambak.
Waosan kitab suci
dinten punika nyariosaken dhateng kita, wonten satunggaling
nem-neman sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula
kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?” Gusti Yesus lajeng ngendika:
supados nindakaken sedaya pepakening Gusti ingkang kaserat ing Toret. Nanging
pemuda kalawau sampun netepi sedaya pepakene Toret: “Punika sadaya sampun kula
tetepi, punapa malih ingkang taksih kirang?”
Nanging nalika Gusti Yesus ngendika: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana,
lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana
ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”,pemuda kalawau lajeng
kesah amargi mboten sanggup.
Lumantar waosan kita ing dinten punika mbereg dhateng kita, bilih tumrap sedaya tiyang
ingkang tansah sumuyud dhateng Gusti Allah boten mokal menawi gesangipun tansah
binerkahan. Mokal tumraping manungsa, boten mokal tumraping Allah.
Bahan Pirembagan:
1. Miturur
panjenengan, pemuda ingkang sowan Gusti punika napa satunggaling nem-neman
ingkang sukses?
2. Upami panjenengan
dados tiyang nem-neman kalawau, punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken?
3. Ing jaman
sapunika napa taksih perlu nindakaken dhawuhipun Gusti kados ingkang
kadhawuhaken dhateng nem-neman kalawau supados gesangipun sampurna? Punapa
maknanipun pangandikanipun Gusti Yesus sapunika (Matius 19:21)?
Waosan: Para Hakim 9:6-13;Jabur 21:2-7; Matéus 20:1-16a
Pandumanipun Sami
Apa
aku ora wenang nindakake apa kang ndak karepake nganggo duwekku dhewe? utawa,
apa kowe meri, dene aku iki loma? (Matéus 20:15)
Ponari rumaos mongkog, awit
nalikanipun minggah kelas, pikantuk juara. Temtu kemawon ibunipun ugi bingah.
Rayinipun ingkang nami Ponidjo inggih minggah kelas namung mboten pikantuk
juara. Tiyang sepuhipun sampun janji menawi laré-larénipun minggah kelas, badhe
dipun paringi hadiah. Ponari dipun tumbasaken buku tulis cacah 9 lan Ponidjo
ugi dipun tumbasaken buku ingkang sami. Nanging Ponari rumaos meri, kenging
punapa piyambakipun kok dipun tumbasaken buku sami kaliyan adikipun? kamangka
piyambakipun juara 1 lan adikipun mboten pikantuk juara. Ibunipun lajeng ngandika:
“Kowe ora kena meri, awit ibu maringi
buku marang kowe sakloron iku ora amarga sapa sing juara kudu nampa panduman
luwih akeh, ananging saka katresnane ibu marang anak-anakku. Mulane tampanan kanthi bungah”
Pancen raos
kumeren punika saged tumemplok dhateng sinten kemawon. Langkung-langkung nalika
nampi panduman ingkang mboten sami. Kados conto ing nginggil kalawau.
Waosan dinten punika
nyariosaken perkawis pasemon bab buruh tani ing kebun anggur,
ingkang ing wanci esuk umun-umun medal pados tiyang buruh kangge kebon angguripun. Sareng sampun
sami sarujuk bab oah nyadinar sadinten, lajeng
berah sami nyambut damel. Mboten purun wonten ingkang nganggur, ingkang gadhah
pakebonan anggur medal malih pados berah, ing punika jam sanga, jam rolas, jam tiga , malah ugi jam lima sonten.
Sedaya
ingkang nyambut damel wiwit jam gangsal enjang, utawi jam kalih welas siang
punapa dene ingkang jam tiga sonten, pikantuk panduman ingkang sami inggih
punika setunggal dinar. Namung kemawon ingkang rumaos nyambut damel wiwit jam
gangsal enjang punika meri, piyambakipun gadhah pemanggih bilih sangsaya dangu anggenipun nyambut damel
badhe sansaya kathah bagianipun. Mila Gusti Yesus ngendika: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk
nyadinar sadina? Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong
kang mlebu keri dhewe padha karo kowe. Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe
meri, dene aku kok loma? Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan
kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”
Pasemon punika paring piwucal bilih
nalika derek Gusti Yesus punika badhe nampeni kawilujengan, mboten wekdal
ingkang dados paugeran, ananging namung sihrahmatipun Gusti Allah. Kados
paseksinipun Juru Masmur bilih Allah maringi mahkutha kaunggulan tuwin kamulyan
(Jabur 21:6b).
Bahan Pirembagan:
1. Punapa saged
ngindhari saking raos meri, langkung-langkung nalika nampi panduman engkang
benten?
2. Kados
pundi tansah saged ngraosaken bilih peladosan punika mboten perlu pamrih
pikoleh?
3. Punapa
maknanipun kang dadi pamburi bakal
dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”?
Waosan: Para Hakim 11:29-39a; Jabur
40:5-10;Matéus 22:1-14
Kathah Kang Katimbalan Sekedhik Kang Pinilih
Sebab akeh kang katimbalan, nanging mung sathithik
kang pinilih. (Matéus 22:14)
Menawi kita nggatosaken
piyantun ingkang rawuh ing pahargyan resepsi manten, mawarni-warni busana
ingkang kaagem. Sedaya sampun dados pilihanipun piyambak-piyambak. Pilihan
punika cocok kaliyan selera, bentuk tubuh utawi kawontenan kantong. Langkung
sae busananipun langkung mindhak pitados dhateng dirinipun. Mila leres paugeran
jawi ingkang kadangkala kita gatosaken inggih punika: ajining
raga gumantung saka busana, nanging ajining dhiri saka lathi.
Pasemon punika lajeng dipun ugemi kanthi kukuh. Nanging emanipun, supados
ketingal raganipun aji lan ngrebawani, busananipun dipun tata kanthi abyor,
sanajan mboten dipun imbangi kaliyan lathi ingkang sae.
Cariyos bab
pasemon pahargyan manton ingkang kaadanan dening sang Ratu punika
inggih kathah sanget ingkang rawuh netepi ulemanipun. Dadosa piyantun
ingkang sugih, ingkang mlarat lan ugi ingkang kagungan kelenggahan. Awit saking
kathahipun ngantos papan pahargyan punika kebak. Mawarni-warni ugi agemanipun
para tamu ingkang rawuh. Eman sanget wonten sedherek ingkang mboten ngagem
busana pesta. Perkawis punika mboten ndadosaken keparengipun Ratu, lan sedherek
punika kedah dipun bucal ing papan ingkang peteng.
Busana
ingkang kaagem dening para tamu ing pasemon kala wau nggambaraken kapitadosan
lan pamaratobat ingkang linangkung lebet. Menawi wonten tamu ingkang mboten
ngagem busana pesta utawi busana ingkang prayogi ateges piyambakipun mboten
gadhah kapitadosan lan pamratobat ingkang liangkung lebet. Gusti Yesus nimbali
sedaya umat supados sami pikantuk kawilujengan. Kawilujengan badhe kaparingaken
dhateng manungsa ingkang sami pitados lan ugi nlangsani dosanipun satemah
kepengin mratobat.
Kathah ingkang katimbalan lan
sekedhik ingkang pinilh. Ingkang kathah inggih ingkang kagolong sami dene purun
pitados lan mratobat, ewosemanten ingkang mboten kapilih mesthi kemawon ingkang
mboten tumemen pitados Gusti Yesus lan mboten purun mratobat. Rahayu Wong kang padha kumandel marang
Pangeran Yehuwah, kang ora tumoleh marang wong kang padha kumalungkung, lan
marang wong kang nyimpang marang laku cidra (Jabur 40:5).
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan rumaos minangka tiyang ingkang sekedhik/pinilih potados dhateng
Gusti?
2. Kenging
punapa tiyang ngagami jaman sapunika langkung remen dados golongan ingkang
kathah? Punapa godhanipun dados golongan ingkang kathah/mayoritas?
3. Menawi dipun
cakaken ing jaman punika, kadospundi cak-cakanipun menawi kita dados tiyang
ingkang mboten mbeta pakaian pista nalika ngepang pahargyan manton kados
pasemon kalawau?
Waosan: Rut 1:1, 3-6, 14-16, 22; Jabur
146:5-10; Matéus 22:34-40
Kasetyan
Nanging
ature Rut: “Kula ampun penjenengan peksa, nilar penjenengan lajeng mantuk, mboten nderek panjenengan,
awit datenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe nderekaken
sarta wonten pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe nderek
sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan
inggih Gusti Allah kula.” (Rut 1:16)
Ngendikanipun
tiyang kathah, mentu wadon kaliyan maratua wadon punika angel akur. Napa maleh
mantunupun kalawau mboten sugih utawi mboten gadhah kalenggahan ingkang inggil.
Temtu kemawon sedambetan antawisipun mantu kaliyan maratua kalawau kados dene
kucing kalkyan anjing. Tansah kerah kemawon. Nanging bab punika mboten
kelampahan ing gesangipun Rut lan Naomi. Naomi punika ibu marasepuh, lan Rut
punika mantunipun. Sesambetan antawisipun Rut lan Naomi punika sampun mbote
kados putra mantu, nanging malah nglangkungi anak kandhung. Punika katitik
nalika Naomi sampun randa, katilar dening semahipun, ndelalah putra-putranipun
Bu Naomi ugi seda, kalebet semahipun Rut. Mila lajeng sejatosipun sesambetan
antawisipun Bu Naomi kaliyan Rut punika jan tiyang sanes, mboten wonten
hubunganipun. Awit Rut katilar semahipun tanpa ninggalaken putra.
Nalika garwanipun lan para putranipun
Naomi seda, Naomi dhawuh kaliyan Rut minangka mantunipun supados
mantuk dhateng
griyanipun, dhateng bangsanipun, supados manembah kaliyan
allahipun. Kawawas, Rut punika taksih enem, masa depanipun taksih panjang,
gegayuhanipun ugi taksih wiar. Pramila menawi Rut kepengin emah-emah malih
inggih taksih langkung saged. Ananging nalika mireng pamundhutipun Naomi, Rut tetap setya tuhu nderek
Naomi dhateng pundi kemawon purugipun. Malah Rut punika tetep setya tuhu ngantos dumugeng
pejah.
Inggih namung pepejah ingkang
saged misahaken Rut Kaliyan Naomi.
Sinau saking carios punika, kasetyan
wonten ing sesambetanipun brayat punika perkawis ingkang angel kalampahan. Nalika ruwet
renteging gesang punika dumados. Nalika kawontenan punika ewah gingsir, utawi
nalika aben ajeng dateng setungaling pilihan kadosdene ingkang karaosaken
dhening Rut. Kathah sesambetan ing brayat, dadosa antawisipun tiyang sepuh
kaliyan para putra punapa dene kaliyan mantu ingkang mboten saget dipun dandosi
awit kasetyan punika sampun luntur.
Rut pinangka jejering wanita ingkang saget ngetingalaken kasetyanipun,
malah menawi wonten risiko,
piyambakipun wantun ngadhepi. Piyambakipun mangertos lan nggadahi paugeran, menawi
sesambetan ing satengahing brayat punika namung saget kapisah dening pejah.
Masalah punika mboten saget uwal saking panggesanganipun manungsa, namung
kasetyan ugi tetepa kalampahan.
Kados
paseksinipun Juru Masmur ingkang ugi ngatag dhateng para umat:Panjenengane kang
nitahake langit lan bumi, segara lan saisine kabeh, kang tetep setya ing
salawase (Jabur 146:6).
Bahan Pirembagan:
1. Ing jaman
samangke, kados pundi biasanipun sesambetan antawisipun putra mantu kaliyan
marasepuhipun? Sae punapa asring bengkerengan?
2. Kados pundi
panjenengan “memaknai” Rut 1:16 kalawau?
3. Umpami
panjenengan dados Rut, punapa panjenengan ugi badhe tumindak kados dene Rut
utawi kados pundi?
Waosan: Rut 2:1-3,8-11,13-17; Jabur 128:1-5;Matéus 23:1-12
Wohing Kasetyan
Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih
panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen,
amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken
jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu. (Rut 4:15).
Kasetyan punika satunggaling tumindak ingkang mujudakaen pengorbanan dhiri.
Awit bab punika katindakaken mboten mawang wektu lan kawontenan. Piyambakipun
terus kemawon dipun lampahi, sanajan kawontenanipun angel. Kadosta, tunangan
ingkang nyrantos pasanganipun wangsul saking negari sanes kangge nenikahan,
kasetyanipun satunggaling ibu ngrimati lan nggulawenthah putra-putranipun,
sanajan semahipun tugas negari ing wilayah konflik, satunggaling ibu ingkang
setya ngrimati puttranipun ingkang lumpuh karana kecelakaan, lsp. Bab punika
nggambaraken kados pundi kasetyan sejati punika kelampahan.
Kasetyan
ingkang sejati dhatengaken woh ingkang sakalangkung mbingahaken. Punika tansah dipun antos-antos dening sinten kemawon.
Bab punika sagegd kita sinau saking pangandika ing wekdal punika.
Lelampahanipun
Naomi ingkang sewau gela, samangkeh ngraosaken berkahipun Gusti ingkang luber.
Katitik, lelampahan gesanging Rut
lajeng nggadahi ewah-ewahan ingkang ageng. Rut lajeng
kapundhut garwa dening Boas. Kamangka
Boas punika ingkang miturut sarasilah taksih tedhak turunipun
Elimelekh. Ing bab punika Gusti Allah mulihaken kekiyatanipun Naomi inggih awit Rut
lajeng kaparingan putra. Rut
nglairaken putra mijil kakung kanthi
tetenger Obed. Lha Obed punika mangke dados
mbahipun Daud ratuning Israèl. Lan
mangke ing daya karsanipun Gusti Allah, inggih badhe mijil Sang Mesih Gusti
Yesus saking tedhakipun Yusuf Mariam saking keluarganipun Sang Prabu Daud.
Dados Rut ingkang nggadhahi lika--likuning gesang ingkang kebak prihatos dipun
agem dening Gusti Allah minangka pirantos kangge miyosipun Sang Mesih.
Mekaten ugi
awit saking kasetyanipun Rut tuwin sesambetan lan bektinipun dhateng Gusti
Allah, nuwuhaken perkawis ingkang sakalangkung mbingahaken. Kabingahan ingkang
karaosaken dening Naomi, mujudaken kabingahan ingkang mirunggan, awit ing waosan kasebat ing
nginggil, kanthi cetho kagambaraken kados dene nampi anak jaler ingkang
gunggungipun langkung saking pitu. (Rut 4:15b).
Waosan dinten
punika mbikak telenging manah sedaya umat, bilih sinten kemawon ingkang tansah
nelakaken kasetyan dhateng sesami, tiyang sepuh, marasepuh punapa malih dhateng
Gusti Allah mesthi ngedalaken woh ingkang langkung mahanani. Kadosdene
paseksinipun Juru Masmur ingkang sinerat ing Jabur 128:2 “Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik
kaananmu ! “.
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
panjenengan nate nggadhahi conto bab kasetyan ingkang dhatengaken berkah?
2. Punapa
lika-likuning gesang ingkang angel lan ngrekaos punika wonten maknanipun?
Sumanga panjenengan cariosaken?
Waosan: Yusak
24:1-2a, 14-18; Jabur 34:16-23;Efesus 6:10-20; Yokanan 6:56-69
Pangibadah Kang Sejati
Kang iku ing samengko, kowe padha wedi asiha marang
Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang panjenengane klawan tulus iklas lan
setya. (Yusak 24:14a)
Wonten satunggaling
sedherek ingkang
mboten ngrasuk agami kristen, miterang kaliyan Bapak Pendeta
bab pangibadah. Tiyang
kalawau matur mekaten:
“Pak menawi dados tiyang kristen punika menapa kedah saben
minggu manembah dhateng Gusti Allah wonten ing gedung Gereja?”
Pak
Pendeta paring wangsulan lan pangandikan:
“Inggih leres malah tiyang kristen punika saben wekdal pancen
kedah manembah dhateng Gusti.” Tiyang punika lajeng manthuk-manthuk sajak
marem nalikanipun pak Pendeta paring katrangan. Sabab
kanggenipun tiyang kalawau, pangibadah ingkang sah punika menawi netepi
hukumipun kanthi sah, netepi motivasinipun kanthi sah, lan netepi wekdalipun
kanthi pas. Nembe pangibadah punika sejati lan katampi dening Gusti Allah.
Saking
carios ing ngginggil punika kita saged mangertos bilih manembah dhateng Gusti
Punika kedah dipun tindakaken saben wekdal kanthi setya tuhu.
Ing waosan kita punika, Yusak paring pepemut dhateng bangsa Israèl
supados tansah manembah dhateng Gusti Allah, mboten dhateng sanesipun. Awit
Gusti Allah sampun ngirid lan tansah mberkahi gesangipun. Mekaten ugi
gesangipun para umat kagunganipun Gusti,
inggih tansah karengkuh dening berkah Dalem Gusti. Kanthi mekaten pangibadah
ingkang leres inggih punika menawi gesangipun wonten sesambetan kaliyan Gusti, gadhah raos ajrih asih, netepi dhawuh
lan pepakenipun.
Pangibadah
sejati punika kedah kawarna ing satengahing gesang padintenan, mboten namung
sacara ritual wonten ing gedung gereja, ananging ing sadhengah lampah, wekdal
lan papan. Gusti Allah punika nggatosaken, mirsani lan mirengaken dhateng
umatipun. Pramila sampun salarésipun menawi ngaturaken sembah bekti. Juru
Masmur paring piwucal ingkang endah:“Tingale
Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate “(Jabur
34:16).
Bahan Pirembagan:
1. Punapa
sejatosipun pangibadah ingkang sejati punika? Cobi panjenengan pados ayat
ingkang pas!
2. Kenging
punapa angel lan awrat mujudaken pangibadah ingkang rutin lan setya mboten
namung ritual kemawon?
3. Pangibadahipun
Israel punika kedah katindakaken kanthi sae karana sampun kaiirid medal saking
tanah Mesir dumugi Kanaan. Kados pundi panjenengan badhe ndhasari pangibadah
panjenengan adhedhasar ajakanipun Yusak?
Waosan: I Tesalonika 1:1 -5, 8-10;
Jabur 149:1-9;Matéus 23:13-22
JARKONI
“Bilai
kowe, he para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowe nutup
lawang-lawang Kratoning Swargo tumraping wong, sebab kose dhewe ora mlebu lan
wong-wong kang arep lumebu kok alang-alangi “(Matéus 23:13).
Menawi badhe
dados pangarsa
ing satunggaling kelompok utawi organisasi, punapa
kemawon nami organisasinipun, mboten namung kedah wasis menawi paring pangandikan utawi
paring piwucal, nanging ugi kedal prigel nindakaken punapa ingkang
dipun wulangaken.
Punapa ingkang dipun ngendikakaken kedah dipun lampahi. Menawi namung saget
paring pepemut lan piwucal, namung mboten saget nglampahi, saget dipun sebat
JARKONI (Bisa ujar ora bisa nglakoni). Temtu kemawon
bab punika saged ndadosaken momotan ing gesang kepemimpinanipun. Ingkang sae
punika pemimpin dados pemimpin ingkang SIDO DADI, ya sembada ya dadi apa sing
dilakoni.
Ing waosan
punika kita saged ningali kados pundi model kepempinan para alim ulama ing
jamanipun Gusti Yesus. Para pemimpin agami kalawau inggi punika para tiyang
Farisi lan Ahli Toret. Gusti
Yesus mastani para ahli Torèt lan tiyang-tiyang Farisi, kalawau
kanthi tembung
“Bilai kowe...”
Tembung punika ngemu suraos bilih
saestunipun Gusti Yesus mboten rena penggalih lan duka menawi wonten sedherek
ingkang wasis dados pangarsa, namung piyambakipun mboten saget nglampahi
piwucal punika kanthi saleresipun. Malah punapa ingkang dipun ngendikaken
cengkah kaliyan kasunyataning gesang. Menawi lelampahan punika mboten enggal
dipun pungkasi ateges badhe nutupi korining swarga tumrap tiyang-tiyang ingkang
kepengin ngraosaken katentreman sejati.
Gusti Yesus ngersakaken saben umat
ingkang sampun pikantuk karahayon lumantar pakaryanipun Gusti Yesus, kaajab
mboten saget ngendikan perkawis piwucal ingkang adi, namung kedah saget kawarna
ing gesangipun. Boten namung JARKONI, saget ujar namung mboten saget nglakoni.
Gusti Allah remen dhateng sok sintena ingkang gesang kanthi andhap asor, kados
paseksinipun Juru Masmur:“awitdene
Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap asor bakal
dimakuthani kalawan karahayon”(Jabur 149:4).
Bahan Pirembagan:
1. Punapa ing
jaman sangke taksih wonten pemimpin ingkang JARKONI?
2. Kados pundi
sikap panjenengan menawi panjenengan mranggul pemimpin ingkang JARKONI?
3. Umpami
panjenengan kados Gusti Yesus, punapa panjenengan inggih badhe wantun
ngemutaken pemimpin ingkang JARKONI,
kamangka gadhah panguwaos ageng?
Waosan: I Tesalonika 2:1-8;Jabur
139:1-6;Matéus 23:23-26
Sumanak
Nanging
kalawan sumanak angganku ana ing tengahmu, kaya patrape biyung anggone momong
lan ngopeni anake. (I Tesalonika 2:7)
Wonten
piyantun naminipun Nazarudin
kaliyan Sulimah. Nazarudin kaliyan Sulimah punika
satunggaling pasangan
serasi ingkang sampun bebrayatan kirang langkung setunggal tahun kepengker.
Karana berkahing Gusti,
pasangan punika lajeng
kaparingan momongan mijil kakung. Mesthi kemawon pasangan kalawau
ngraosaken
bingah, punapa malih perkawis punika cocog kaliyan ing kasuwun.
Gesang
sasampunipun gadhah momongan dipun alami benten kaliyan saderengipun gadhah
momongan. Momong,
ngopeni, lan ngrimati bayi alit punika mboten perkawis ingkang gampil.
Menawi jam kalih welas dalu laré punika ngompol mesthi kemawon keng Ibu lajeng
gumgregah nggantosi popok. Ing nalika wayah enjang jam tiga, laré punika sampun
tangi, kamangka ibunipun taksih pules tilemipun. Napa malih
menawi ngepasi lare punika panas, kadangkala rewel terus lan mboten saged
tilem. Temtu kemawon bab punika ndamel sangsaya repot tiyang sepuhipun,
kamangka enjangipun kedah nyambut damel. Ananging sanajan
mekaten, gandheng
raos bingah ingkang ageng, perkawis kala wau mboten dados pambengan. Kanthi
sumanak, Sulimah nggulawenthah anakipun.
Paulus lan Silas ngladosi
pasamuwan ing Tesalonika kanthi raos andhap asor lan sumanak kadosdene Ibu ingkang nggulawenthah anak kala
wau. Paulus nedahaken margining kauripan kanthi gamblang, mboten wonten
perkawis ingkang dipun tutup tutupi. Kekalihipun mboten ngudi remenipun
piyambak, ananging kanthi katresnan mbangun sesambetan ingkang sae. Lelampahan
punika ingkang dadosaken sesambetan Paulus kaliyan Pasamuwan Tesalonika tansah
pinanggih prayogi.
Raos gumunggung mesthi dhatengaken
perkawis ingkang damel risaking sesambetan ing satengahing brayat, kelompok
utawi organisasi. Kosok wangsulanipun andhap asor lan sumanak kebak ing
katresnan, badhae nglestantunaken pasedherekan. Waosan Kitab suci dinten punika
ngatag dhateng sedaya umat sami dene nggadahi sikap andhap asor, sumanak murih
lestantuning pasedherekan ing sadhengah papan lan wekdal. Gusti Allah mirsani
saben lampah utami ingkang medal saking manahipun umat, kados paseksinipun Juru
Masmur:“Paduka nguningani menawi kawula
lumampah utawi ngaso, saha salampah-lampah kawula Paduka uningani”. (Jabur
139:3).
Bahan Pirembagan:
1. Kados pundi
ta tindak sumanak punika?
2. Punapa wonten
paedah agengipun raos sumanak punika?
3. Punapa
kendalanipun tiyang tumindak sumanak punika?
Waosan: I Tesalonika 2:9 – 13; Jabur 139:7-12; Matéus 23:27 – 32
Taberi Nyambut
Damel
Amarga
kowe isih pada kelingan, para sadulur marang kangelan lan rekasaku kabeh.
Anggonku nyambut gawe rina wengi angganku nggelarake Injiling Allah marang
kowe, supaya aja nganti ngrepoti sapa bae ing antaramu. (I Tesalonika 2:9).
Ndedonga lan makarya, kanthi trusing
driya ...... mekaten peranganing kidung kasukman KPK 160:1. Kekidungan punika
mbereg dhateng umat pitados, menawi nyambut damel kanthi wekel badhe ngedalaken
woh ingkang miginani kagem dhirinipun piyabak ugi kagem karaharjaning tiyang
kathah.
Rasul Paulus punika kajawi lelados
ugi nyambut damel dados tukang kemah. Jaman semanten, nalika griya
dereng permanen, nanging kathah ingkang kadamel saking kemah/tendha, pedamelan
punika dados pedamelan ingkang onjo/istimewa. Mila tukang kemah tansah dipun
padosi. Mila Rasul Paulus rinten kalawan dalu taberi nyambut damel supados gesangipun
boten gumantung kaliyan umat utawi pasamuwan ingkang dipun ladosi. Kanthi
tumemen anggenipun nyambut damel, nuwuhaken kabingahan ingkang linangkung
munpangati. Kababaring Injil Kratoning Allah tansah kalampahan wonten ing
pasamuwan Tesalonika.Rasul Paulus piyambak yakin bilih panyambut damelipun
tansah binerkahan Gusti, awit kepareng sumendhe lan pasrah dhateng pangrehipun.
Umat kagunganipun Gusti inggih
katimbalan kangge nyambut damel. Werni-werni pakaryan peparingipun Gusti.
Menawi kita gatosaken pasamuwanipun Gusti ing wewengkon Gereja Kristen Jawa
sa-sinode, wonten ingkang dados petani, nelayan, pegawai, lan ugi buruh pabrik.
Sedaya binerkahan menawi tansah masrahaken ayahan punika dhateng Gusti Allah.
Kagem ingkang sami kepareng miwiti pakaryanipun, engeta dhateng Allah
sumber gesang ingkang nimbali para umat kangge makarya. Wondene ingkag sampun
paripurna nyambut damel, tansaha ngaturaken panuwun awit berkah Dalem tansah
nyarengi panyambut damel panjenengan.
Bahan Pirembagan:
1. Kados pundi
panjenengan saged manggihaken peluwang usaha/bisnis ingkang unik kangge gesang
panjenengan? Punapa punika angel napa gampil?
2. Rasul Paulus
rinten kalawan
dalu taberi nyambut damel supados gesangipun boten gumantung kaliyan umat utawi
pasamuwan ingkang dipun ladosi. Kados pundi panjenengan memaknai
katrangan punika ing praktek gesang panjenengan pribadi mbaka pribadi?
3. Umpami
panjenengan dados Rasul Paulus, punapa panjenengen ugi tetep badhe lelados
sanajan kangge urip piyambak kemawon dereng saged nyekapi? Wonten ing pundi
panjenengan badhe konsentrasi?
Waosan: I Tesalonika 3:7-13; Jabur 90:3-14; Matéus 24:42-51
Tansah Jumaga
Mulane
padha rumantia, amarga kowe ora ngerti ing dina apa Gustimu bakal rawuh.
(Matéus 24:42)
Wonten
satunggaking ibu nami ibu Mujiyem. Ibu punika sampun randha dangu lan namung
gadha putra satunggal kemawon. Putranipun sampun dangu merantau ing Kalimantan
dados buruh tambang.
Satunggaling
dinten ibu punika nampi kabar lewat tilpun tangginipun. Putranipun Desember
ngajeng badhe wangsul. Mila Ibu Mujiyem remen sanget nalika nampi telepon ingkang
isinipun caos kabar bilih putranipun ingkang wonten ing Kalimantan badhe
wangsul nalika pahargyan natal samangke. Temtu Ibu Mujiyem lajeng nyawisaken
papan panggenan igkang langkung prayogi, supados mboten nguciwani dhateng putra
ingkang dipun tresnani. Pencawisan punika mbetahaken wekdal, malah kepara ugi
ngraosaken sayah nalika cecawis. Bejo dene Ibu Mujiyem mireng pawartos menawi
putra badhe wangsul temahan wonten wekdal kangge cecawis.
Waosan kita
dinten punika
ngemutaken dhateng sedaya umat ingkang sampun manjing pitados dhateng Gusti
Yesus. Ratuning jagad punika badhe rawuh ingkang kaping kalih, namunga
rawahuhipun mboten wonten ingkang sami mangertos. Ayat
37 ngendikakaken: “Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal
rawuhe Putraning Manungsa” .
Rawuhiun kagambaraken
kados dene maling ing wanci dalu. Pramila manungsa kedah rumanti, nyawisakwn
dhiri. Ingkang langkung penting sanes wekdalipun, ananging patrap lan sikap
kangge nyawisaken dhiri murih pinanggih prayogi sawanci Gusti ngrawuhi. “Mulane padha rumantia, amarga
kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu. Awit saka iku, kowe uga padha
rumantia. amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.” Mekaten sabda pangadikanipun Gusti Yesus.
Kados pundi patrap ingkang prayogi
nalika umat punika rumanti? Gesang kebak pangatos-atos, lan sami nilengaken
dhawuh pangandikanipun, manut lan lulut dhateng Gusti Allah. Juru Masmur paring
pambereg supados supados sedaya umat sami nilengaken berkahipun Gusti . Kados
ingkang sinerat ing Jabur 90:12:“Kawula
mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing salarésipun, supados sageda
sami angsal manah ingkang wicaksana”.
Bahan Pirembagan:
1. Kenging
punapa teologi kematian lan kiamat kirang dipun tengenaken dening tiyang
kristen satemah dados pambereg ingkang ageng ngadhepi gesang punika?
2. Kenging
punapa justru kamirahanipun Gusti ingkang taksih nresnani jagad punika ingkang
justru dados pancadan kangge ndhasari gesang?
3. Kados pundi
panjenengen kedah cecawis dhiri mapag rawuhipun Gusti kaping kalih?
Waosan: I Tesalonika 4:1-7; Jabur 97:1-12;Matéus 25:1-13
Njagi Kasucèning
Gesang
Allah
anggone nimbali kita iku ora supaya laku najis, nanging supaya nindakake apa
kang suci. (I Tesalonika 4:7).
Njagi
kasucening gesanging brayat punika pancen
mboten gampil. Punika kedah dipun alami dening kalih pasangan,
antawisipun suami lan istri. Awit senajan ta bebrayatan ingkang sampun lumampah
kirang langkung kalih dasa tahun kemawon saget risak malah kedah pegatan awit
saking salah satunggaling pasangan punika selingkuh. Nerak angger-anggeripun
Gusti ingkang kaping pitu inggih punka laku bedang. Kasinggihan bilih laku jina/bedang punika mboten namung dipun
lampahi dening pasangan ingkang taksih enem, pasangan ingkang sampun sepuh
kemawon ugi nate keblinger. Malah ing siaran TV wonten pasangan
kakek nenek ingkang laku bedang katangkep ing satunggaling hotel.
Ing waosan
kita, Rasul
Paulus maringi piwucal dhateng pasamuwan ing Tesalonika supados sami dene njagi
kasucening gesang. Kenging punapa perkawis punika kedah dipun wucalaken? awit
pangandikanipun Gusti kanthi gamblang nandesaken bilih tanpa kasucening gesang,
manungsa mboten saget ningali Gusti Allah. (Ibrani 12:14). Kasucening gesang
mujudaken timbalanipun Gusti, awit manungsa ingkang sampun pitados dhateng
Gusti Yesus punika gesangipun sampun dipun sucekaken.
Tembung “suci“ wonten basa Ibrani: “qadosy”,
ing basa Yunani “hagios” ingkang
tegesipun dipun pisahaken. Dados tiyang ingkang sampun pitados dhateng Gusti
Yesus punika sampun dipun pisahaken kaliyan jagad punika kagem Gusti. Gesangipun
misahaken dhiri saking barang ingkang najis tumuju barang ingkang suci.
Wason Kitab Suci diten punika, ngémutaken
dhateng sedaya umat bilih gesang suci secara moral kedah dipun udi ing saben
dinten murih katentreman lan karaharjan tansaha karaosaken ing satengahing
jagad ingkang sampun mboten suci. Gusti Allah ingkang Maha Suci mugi tansah
paring kasagetan dhateng sedaya umat, mujudaken gesang suci, awit Gusti Allah
ugi Maha suci.
Bahan Pirembagan:
1. Kados pundi kasucening gesang kedah kajagi dening
sedaya generasi?
2. Punapa kasucening bebrayatan sampun saged lumampah ing
masyarakat penjenengen? Kados pundi kasus kawin cerai, hamil di luar nikah,
anak tanpa bapak, lan kasus sanesipun ing masyarakat panjenegan?
3. Kados pundi ngatasi persoalan no 2?
Waosan: I Tesalonika 4:9-12; Jabur 98:1-9; Matéus 25:14-30
Tanggel Jawab
“Bendarane
kandha marang batur iku:Prayoga he abdi kang becik lan tumemen, kowe wus
tumemen ing prakara kang cilik, kowe bakal dak pitayani prakara kang gedhe “.
(Matéus 25:21a).
Saben tiyang
sepuh temtu nate gadhah kekudangan/gegayuhan. Limrahipun para tiyang sepuh
gadhah pangajap supados para putranipun sami ageng lan dados tiyang ingkang
tanggel jawab ing samukawis perkawis.
Tiyang sepuh mesthi kagungan
kekudangan murih para putra punika sami nggadhahi tanggeljawab. Wiwit taksih
alit tiyang sepuh nanemaken tanggel jawab kanthi cara ingkang prasaja. Sangsaya
ageng sangsaya dipun pasrahi tanggel jawab ingkang langkung ageng miturut
kesagedanipun piyambak. Saking mberesi peturonipun, mendhet maem piyambak,
ngasahi ajangipun piyambak, nyawisaken peralatan sekolah piyambak, lsp. Menawi laré-laré sampun
nggadahi tanggel jawab, pramila tiyang sepuh ngraosaken bingah ing manahipun.
Woasan kitab suci dinten punika
sinerat lumantar pasemon ingkang nyariosaken kados pundi nalika bendara badhe
tindak lan maringi talenta dhateng abdinipun ingkang cacah tiga. Abdi ingkang
sepisan dipun paringi gangsal talenta lajeng dipunkembangken dados sedasa
telenta. Abdi ingkang nomer kalih kaparingan kalih talenta, lajeng dados
sekawan. Abdi ingkang nomer tiga kaparingan setunggal talenta lan namung dipun
pendhem alias mboten dipun kembangaken.
“Talenta“ saget dipun wastani bakat
utawi kemampuan ingkang kaparingaken dening Gusti secara mirunggan dhateng
umatipun. Lelampahanipun abdi ingkang sepisan lan ingkang kaping kalih
ngetingalaken tanggeljawabipun dhateng bendara. Perkawis punika katitik
anggenipun ngembangaken talenta kala wau. Bendara badhe maringi ayahan lan
tanggeljawab sanesipun awit kasetyanipun para abdi kala wau.
Umat kagunganipun Gusti ing pasamuwan
ugi mujudaken para abdi ingkang pinaringan tanggeljawab ing gesangipun.
Maarni-warni tanggel jawab ingkang dipun paringaken dening Gusti. Prayogi sami
ngetingalaken tanggeljawab kanthi tumemen dadosa ing satengahing brayat,
masyarakat menapa dene ing pasamuwan.
Bahan Pirembagan:
1. Kados pundi caranipun nanemaken tanggel jawab dhateng
para lare?
2. Kados pundi caranipun supados tanggel jawab lelados
ing pasamuwan punika mboten ndadosaken momotan?
3. Kados pundi caranipun supados saben warganing pasamuwan
saged latihan nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae? Conto nyata punapa
ingkang perlu kaecakaken?
Waosan: P. Torèt 4:1-26-9;Jabur
15;Yakobus 1:17-27; Markus 7:1-8;14-15,21-23
Mirengaken Lan
Nglampahi Pangandika
“Nanging
padha dadia wong kang nindakake pangandika, aja mung ngrungokake bae, jalaran
manawa ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe”(Yakobus 1:22)
Wonten satunggaling priya ingkang tumemen
anggenipun tindak dhateng gereja. Priya kalawau sregep sanget
nindakaken pangibadah saben wekdal. Piyambakipun remen mirengaken kotbah, sinau pangandikanipun
Gusti. Piyambakipun ugi sregep sanget nindaki panyuraos kitab
suci. Kanthi tansah aktif pitaken, piyambakipun nggegulang dhawuh
pangandikanipun Gusti. Piyambakipun
sabrayat ugi tansah tekun nderek pangangabekti. Nanging
sinten ingkang nyana, prayata priya punika wonten ing griya kalebet priya ingkang kejem.
Nate ing satunggaling wekdal paben kaliyan semahipun ngantos semahipun
dipunsiksa.
Mireng perkawis mekaten, Pak Pendeta
lajeng sowan, maringi pangertosan perkawis lampahipun mboten nyondongi
kersanipun Gusti. Menawi perkawis punika mboten enggal dipun pungkasi, mesthi
samangkeh badhe gesang piyambakan. Punapa ingkang dipun ngendikakaken dening
pak Pendeta kala wau mboten dipun estokaken. Mboten dangu semahipun lajeng
kesah nilaraken piyambakipun sinartan para putra ingkang sampun emah-emah.
Wonten ing
dhawuh pangandikanipun Gusti ing wekdal punika, Yakobus sedeherekipun Gusti Yesus
paring piwucal dhateng pasamuwan keturunan Yahudi ingkang sami dene ngadhepi
kawontenaning gesang. Yakobus nggadhahi pangajab supados umat tebusan punika
tetep gondhelan dhateng pranatanipun Gusti. Yakobus sadhar bilih pacoben wonten
satengahing gesang punika mboten saget dipun icali. Nadyan mekaten piyambakipun
ngajak supados sami dene tetep setya tuhu mirengaken lan nglampahi kersanipun
Gusti.
Pranatan saking Gusti menawi dipun
lampahi kanthi tumemen dhatengaken ganjaran ingkang linangkung adi, kados
piwucal lan pepemutipun Nabi Musa dhateng bangsa pilihanipun Gusti: Mulane saiki, he wong Israèl, padha ngrungokna katetepan lan
pranatan kang dakwarahake marang kowe, supaya padha kok lakoni, temah kowe
lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Yehuwah, Gusti
Allahe para leluhurmu, marang kowe”(Pangandharing Torèt 4:1).
Bahan Pirembagan:
1. Mirengaken Lan Nglampahi Pangandika punika punapa gampil? Kenging punapa mekaten?
2. Punapa nate kedadosan, wonten
warganing pasamuwan ingkang mutung karana mirengaken kotbah? Punapa perlu
mekaten?
3. Kados pundi kedahipun nalika kita
mirengaken kotbah utawi dhawuh pangandikanipun Gusti?
Waosan: I Tesalonika 4:13-18, Jabur 96:1-13;Lukas 4:16-30
Allah Maha Asih
“Amarga
Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi
ngungkuli sakehing para allah”(Jabur 96:4)
Kidung kasukman ing satengahing
pangibadah dados sarana anggenipun umat sesambetan kaliyan Gusti Allah igkang
tansah ngrimati gesangipun. Kadospundi umat punika saget ngaturaken panembah
lan pangabekti, inggih lumantar saking pepujen utawi kekidungan. Jabur 96
punika kaserat sasampunipun masa pembuangan. Saget dipun penggalih nalika Jabur
punika sinerat, umatipun Gusti inggih bangsa Israèl rumaos lega lan remen.
Kenging punapa mekaten, awit bangsa
Israèl ngraosaken panuntunipun Gusti wiwit saking mesir ngantos dumugi Kanaan.
Piyambakipun sami mitadosi bilih Allah nuntun, ngreksa, mitulungi lan mberkahi
uamt ingkang dipun tresnani. Kasinggihan menawi para umat punika lajeng
ngaturaken pangalembana dhateng Allah lan sami ngakeni bilih mboten wonten
allah sanes kejawi Gusti Allah ingkang Mahaasih lan maha tresna.
Mboten sedaya manungsa sami nggadahi
pengaken bilih Gusti Allah punika maha adil lan mahamirah. Lampahipun Gusti
Yesus miwiti pakaryan adi ing Nazaret ugi mboten tinampi dening tiyang-tiyang
Nazaret wekdal semanten (Lukas 4:16-30). Namung mboten perkawis dipun akeni
menapa mboten, ingkang perlu dipun gatosaken inggih punika kadospundi umat
punika ngraosaken berkah lan panuntunipun. Menawi sedaya sami dene ngraosaken
berkah tuwin panuntunipun, ingkang jumedul saking telenging manah inggih namung
caos sokur dhateng Gusti. Maturnuwun Gusti menawi dinten punika ugi Paduka
nuntun lan ngrimati gesang kawula.
Bahan Pirembagan:
1. Conto nyata
kadospunapa ingkang perlu kita aturaken dhateng Gusti minangka pangalembana?
2. Punapa ing
gesang samangke Pangandikanipun Gusti Yesus/Injilipun taksih wonten ingkang
nampik kawontenanipun?
3. Punapa
panjenengan sami
nggadahi pengaken bilih Gusti Allah punika maha adil lan mahamirah?
Kadospundi katranganipun?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar